Pages

Kamis, 11 September 2014

Apresiasi Cerita Anak



MAKALAH BASA JAWI
APRESIASI CERITA ANAK

PURWAKANING ATUR

Assalamu’alaikum Wr., Wb.
Muji syukur Alhamdulillah dateng Dzat ingkang Maha Murah, ingkang paring taufiq lan hidayah, Allah SWT, amargi kanthi rahmatipun, kula saged ngrampungaken makalah pembelajaran Basa Jawi punika.
Ing susunan makalah punika, kula sadar menawi tasih kathah kirangipun ing teknis panulisanipun lan materinipun, pramila kula ngarepaken kritik lan saran saking sedanten pihak supados makalah punika saged langkung sae.
Ing panulisan makalah punika, matur suwun sanget dhumateng:
1.      Drs. Hartati, selaku kaprodi PGSD,
2.      Bapak Sukardi selaku dosen mata kuliah Basa Jawi, ingkang sampun mbimbing                   panyusunan makalah punika.
3.      Keluarga kula ingkang kila tresnani lan kanca-kanca ingkang sampun maringi arahan sarta pangerten marang kula,
4.      Sedaya pihak ingkang boten saged kula sebataken naminipun setunggal-setunggal, ingkang paring pitulungan ing panulisan makalah punika.

Mugi-mugi Allah paring pahala marang sekabehanipun pihak ingkang sampun paring bimbingan, lan saged ndadosaken bimbingan menika kagem ngibadah, Amiin Yaa Robbal ‘Alamiin.
Semarang, September 2014

Penulis





BAB I
PURWAKA BASA
A.    Wawandaning Perkawis
Ngantos wekdal punika, Basa Jawi saged dipun sebat basa ingkang lumayan kathah dipunagem dening warga Indonesia, khususipun tiyang ing pulau jawi. Kawontenan punika kedah dipunjagi supados kabudayan ngagem basa Jawi mboten kapendem dening jaman.
Dening para wiranom (generasi muda), basa jawi kedah dipun inggilaken, mboten malah dipuntilar amargi wonten basa ingkang langkung gaul. . Kathahing panganggep bilih
para wiranom basa Jawinipun risak, kaco, ngawur lan kathah sebutan sanesipun kedah dipunbrantas. Kangge nanggulangi bab menika, kita calon guru perlu munjukaken wawasan lan kaprigelanipun nyinaoni basa Jawi. Supados saged mbimbing siswa-siswa kanthi sae.
Saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung rumiyin. Menawi pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya wewangunan wau saget ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap ngrembaka lan lestarining Basa Jawi inggih menika pamulangan Basa Jawi ingkang leres. Kangge nglaksanakaken pamulangan Basa Jawi ingkang leres, kita selaku calon guru ing pawiyatan dasar, ingkang samangke ugi mucal Basa Jawi kedah mangertos pripun piwulang Basa Jawi ingkang  leres.
Salah setunggalipun inggih menika materi “Apresiasi Cerita Anak”. Salah setunggaling materi Basa Jawi ing pawiyatan dhasar inggih menika bab Kasusastran Jawi. Mucal kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar kalebet tasih angel, amargi cacahipun kasusastran Jawi kathah sanget.
Lajeng ing salebetipun makalah punika, badhe dipunlumantaraken kados pundi cerita anak saged dipun apresiasi wonten lebetipun pawiyatan dasar. Kanthi wontentipun tugas punika, mugia saged ndadosaken kita, mahasiswa PGSD, calon guru SD, boten kagok lan bingung menawi mucal wonten SD samangke.



B.     Momoting Perkawis
Miturut wawandaning perkawis ing nginggil wahu, pramila saged dipunaturaken momoting perkawis inggih menika:
B.1 Kados menapa cerita anak punika?
B.2 Menapa mawon cerita anak punika?
B.3 Kados pundi apresiasi cerita anak punika?








































BAB II
SURASA BASA
A.    Pangageman Basa Jawi
Kaprigelan ngagem basa jawi wonten pasrawungan sadinten-dinten estu tasih kenthel wonten warga jawi. Ananging, wonten ing panyeratan, tasih dipunadepi kasusahan kagem tata bahasa. Sakmenika ingkang dipunwastani angel wonten pawucalan basa jawi ing pawiyatan dasar.
Kagem munjukkaken karemenan lare kaliyan basa jawi, cerita anak, cerita rakyat, cerita kewan, utawi dongeng saged dipunagem dados media pasinaon lare. Sakmenika kedah dipunparingaken dumateng lare amargi basa jawa sakniki mboten malih dados basa ibu, ananging sampun dados basa nomer kalih. Dados, nggih mboten gumun menawi lare kraos gampil maos cerita ngagem basa Indonesia tinimbang cerita ing basa jawi.
Ing jaman rumiyin lare sampun mangertos wekdal punapa kedah ngagem basa krama ugi wekdal punapa saged ngagem basa ngoko, ananing sakniki malah kosok balenipun. Sakleresipun, cerita basa jawi kalih cerita basa Indonesia mboten wonten bentenipun ingkang tebih, ananging amargi lare angsal jam piwucalan basa jawi naming sekedik saben setunggal minggunipu saged dados ingkang njalari lare kirang trampil nguri-uri basa jawa.
Ingkang dipunraos paling gampil kagem maringi piwucalan basa jawi dumateng lare, cerita anak utawi dongeng saged dados alternatif. Sanes bahasanipun saged santai, ceritanipun nggeh saged maringi tuladha tumprap kebiyasaanipun lare. Cerita anak Indonesia, lingkupipun langkung jembar dibanding kalih cerita anak jawi. Amargi cerita anak jawi namung nyariosaken ingkang nate wonten utawi ingkang dipunpitadosi tiyang jawi, sakmeniko saged ugi maringi piwucalan marang lare ngenani adat jawi.
Ananging, wonten pasrawungan sadinten-dinten ingkang gampil dipuntemuake inggih menika cerita anak wonten basa Indonesia, ingkang ngagem basa jawi namung wonten kedik sanget, langkung-langkung malah sampun langka. Media cetak ingkang ngemot kasusatran jawi inggih namun sekedik, punika dumadosaken lare ingkang karep bade ngudi kawruh basa jawi bingung kedah ngagem panduan punopo.
Punika saged mawon dipunjalari amargi tiyang sepuhipun maringi kawruh putra-putrinipun awis tasih alit ngagem basa Indonesia. Kathah ingkang nganggep menawi basa jawi punika basanipun tiyang deso, ingkang artosipun staranipun wonten ting ngandapipun basa Indonesia. Mboten kedik tiyang sepuh ingkang remen menawi putra-putrinipun ngagem basa Indonesia tinimbang ngagem basa krama ingkang dipunraos langkung angel.
Basa jawi punika kalebet basa warisan ingkang mboten angsal dipuntinggalaken. Ampun ngantos basa jawi namung saged dados pajangan ngremenaken ingkang mboten wonten sing saged ngartosaken. Namung dados hiasan ingkang dipunpirengaken serasan, tanpa saged dipunpundut amanatipun.
Kantos wontenipun media piwucalan basa jawi ingkang kathah saged hangguyubaken malih basa jawi, saged ngregenganken kabudayan jawi dados budaya ingkang gadhah manfaat langkung ageng.



B.     Cerita Anak
Cerita anak saged dados salah setunggalipun sarana kagem nambahi pangertosanipun lare ngenani basa jawi. Awit basa ingkang dipunagem langkung gampil dipunpahami, amargi penyeratanipun cerita anak mboten nggadahi aturan kados nyerat layang ulem, wara-wara, lan sapiturutipun. Namung, wonten lebetipun cerita anak saenipun saged maringi amanat ingkang sae.
Punika kula paringi tuladha cerita anak basa jawi, kaliyan judul “Andong lan Laler Cilik” :
Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik menclok ning nduwure andong. Bareng karo mencloke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder ning ndalan.
Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya. “Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot timbang aku!”
Sakwise sakwetara menclok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.
Laler banjur mikir, manawa deweke menclok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba menclok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.
Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. “Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok.


Wonten tuladha cerita anak jawi punika, nyariosaken cerita kewan utawi ingkang biyasa dipunsebat fabel. Cerita punika menawi dipunwaos dening lare tasih gampil dipunpahami, awit basanipun tasih sederhana.
C.    Apresiasi Cerita Anak
Apresiasi crita anak punika saged dipunterapaken wonten pasrawungan sadintenipun ting masyarakat kanthi cara :
1.      Saking keluarga, inggih menika maosaken cerita kagem putra-putrinipun sakderenge tilem. Cerita ingkang saged dipunwaosaken saged dongeng, legenda, fabel, lan sapiturute.
2.      Saking pawiyatan, inggih menika maringi kawruh basa jawi kanthi muatan cerita daerah, cerita cekak, ugi saged cerita wayang. Ingkang dipunterapaken dening guru marang muride.
3.      Saking masyarakat, inggih menika saged maringi kawruh lare alit menawi saged ngenani asal-asul dumadosipun daerah panggenanipun lare utawi daerah sekitaripun.
Bab III
Panutup
A.    Dudutan
Saking pamedharan ing nginggil punika saged kapundut dudutan inggih punika :
1.      Saged mangertos menapa ingkang dipunsebat cerita anak.
2.      Saged mangertos menopo kemawon jinising cerita anak
3.      Saged mangertos kados pundi apresiasinipun cerita anak punika


B.     Saran
1.      Murid saged langkung remen marang cerita-cerita anak.
2.      Murid saged langkung kepengin nguri-uri kabudayan jawi ingkang kathah sanget kaliyan maos cerita-cerita.
3.      Guru saged langkung trampil ngudar kawruh kagem muridipun
















Daftar Pustakan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar