ATUR SAPALA
Kanthi ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun
Gusti Ingkang Maha Agung, kula sakonco saged ngrampungaken tugas
punika kanthi sae boten wonten halangan satunggalipun.
Matur suwun sanget dhumateng Bapak/Ibu Pembimbing
ingkang sampun membimbing anggenipun damel makalah punika.
Makalah
punika nyariosaken babagan Apresiasi Reseptif
lagu (tembang) berbahasa jawa ing Kelas Inggil.
Makalah punika taksih kirang sempurna amargi wedal ingkang
kasesa kalian kirang pangertosipun penyusun. Pramila penyusun nyuwun
pangapunten lan nampi kritik lan saran saking pemaos, wasono matur nuwun.
Tim Penyusun
Daftar isi
Halaman Judul …………………………………………………………………….. i
Kata Pengantar ……………………………………………………………………. ii
Daftar Isi …………………………………………………………………………….
... iii
BAB I PURWAKA
1.1 LATAR BELAKANG ……………………………………………………….. 1
1.2 RUMUSAN MASALAH ………………………………………………….. 1
1.3 TUJUAN ………………………………………………………………….... 1
BAB II PEMBAHASAN
A.
Punapa
tembang jawa ……………………
………………………… 2
B.
Urut-urutanipun
tembang macapat ………………………………. 2
C.
Makna-makna
tembang macapat …………………………….. 2
D.
Contoh
tembang macapat lan dolanan
………………………… 4
BAB III PENUTUP
A. Dudutan
…………………………………………………………………… 6
B. Saran ……………………………………………………………………… 6
Daftar Pustaka …………………………………………………………………. 6
BAB I
PURWAKA
1.1
LATAR BELAKANG
Tembang
wonten Indonesia katah sanget jinisipun salah satunggalipun inggih meniko tembang
jawa. Tembang meniko dipun sebaraken dening sunan kalijaga kalihan nyebaraken agama islam wonten tanah jawa.
Wonten jaman saniki tiyang utawalare mboten reman utawa mboten mangertos punapa niku tembang
jawa . Tembang jawa saniki mboten popular kados jaman mbiyen, lare-lare wonten jaman sakniki
menawi ngertosipun inggih meniko namung tembang pop, tembang regee, tembang
rock, tembang inngris utawi saking luar negeri, lan sak liya-liya nipun. Padahal
tembang jawa inggih meniko tembang utawa
lagu daerah ingkang perlu utawa kedah dipun nguri-uri dening tiyang lan
lare-lare menawi mboten dipunlestariakaken
dipun akoni dening negara liyanipun kados reog ponorogo ingkang dipun akoni dening
Negara Malaysia. Tembang jawa ugi kedah dipun jaga ampun ngantos luntur utawi ketinggalan jaman. Tembang jawa
mboten namung tembang-tembang kados biasanipun, tembang jawa ngadahi arti utawa
makna ingkang sae. Makna tembang jawa
saged dipun kangge pembelajaran.
Micara
tembang jawa ing pamulangan sampun dipun
tumutaken wonten pembelajaran wonten SD utawa Madrasah Iptidaiyah, SMP utawa Madrasah
Sanawiyah, SMA utawa Madrasah Aliyah, lan wonten ugi universitas ingkang
ngawontenakaen pembelajara nembang basa jawa. Namung lare- lare jaman saniki
mboten remen utawa malah nganpangaken basa jawa padahal tembang jawa niku
tembang asali daerah .
1.2
RUMUSAN MASALAH
Ingkang dados perkawis
latar belakang ing nginggil inggih puniko:
A. Punapa punika apresiasi
reseptif?
B. Punapa punika tembang jawa
?
C. Punapa tembang macapat lan
dolanan?
D. Jelasna jenisipun lan makna tembang macapat?
E. Sebutna contah tembang
tembang macapat lan dolanan?
1.3
TUJUAN
Ingkang dados tujuan pendaleman makalah punika yoiku:
A. Supados manggert punapa
punika apresiasi lagu utawi tembang
secara reseptif
B. Saged mangertos tembang
jawa
C. Supados mangertos tembang
macapat lan dolanan
D. Saged mangertos
makna-makna tembang basa jawa utawa macapat
E. Supados lare-lare saged
remen kalian tembang basa jawa
BAB
II
ISI
A. Pangerten apresiasi reseptif
Mitutur artinipun
saben tembung, apresiasi tembang
diartikaken : apresiasi asalipun saking bahasa inggris yoiku
apresiation ingkang gadah artos
pengregen, pangaosan utawi pangartosan.
Tembang yoiku
karya seni imajinatif ingkang gadah unsur-unsur estetis disampekaken lewat
bahasa, saged bentuk tulis utawi lisan (Rene Wellek, 1989)
Sahenga
pangrten saking apresiasi tembang yoiku pengregen, pangaosan,ugi pangertosan
dumateng salah sawijining karya seni imajinatif, saged mbentukipn geguritan,
prosa utawi bentuk sanesipun.
Saking
pangerten ing inggil , saged disimpulaken menawi apresiasi tembang yoiku
menehake pangajen adep karya sastra
Apresiasi
sastra reseptif yoiku sastra ingkang dilakokake lewat kagiatan maca lan
mirengake.
B. Tembang jawa
Tembang jawa yoiku tembang saking daerah jawa terutama
jawa tengah.Tembang jawa piyambak ngadahi macem-macem jenisipun inggih meniko:
tembang macapat, tembang dolanan, lan sak liya-liyanipun. Menawi tembang macapat yoiku tembang ingkang
wonten guru lagu (tibaning swara wonten pungkasanipun gatra), guru wilangan
(inggih meniko cacahing wanda saben sakgatra) lan guru gatra (inggih meniko cacahinng gatra
saben sapada).
Metrum
|
Gatra
|
I
|
II
|
III
|
IV
|
V
|
VI
|
VII
|
VIII
|
IX
|
X
|
Tembang cilik / Sekar alit
|
|||||||||||
Dhandhanggula
|
10
|
10i
|
10a
|
8é
|
7u
|
9i
|
7a
|
6u
|
8a
|
12i
|
7a
|
Maskumambang
|
4
|
12i
|
6a
|
8i
|
8a
|
||||||
Sinom
|
9
|
8a
|
8i
|
8a
|
8i
|
7i
|
8u
|
7a
|
8i
|
12a
|
|
Kinanthi
|
6
|
8u
|
8i
|
8a
|
8i
|
8a
|
8i
|
||||
Asmarandana
|
7
|
8i
|
8i
|
8é
|
8a
|
7a
|
8u
|
8a
|
|||
Durma
|
7
|
12a
|
7i
|
6a
|
7a
|
8i
|
5a
|
7i
|
|||
Pangkur
|
7
|
8a
|
11i
|
8u
|
7a
|
12u
|
8a
|
8i
|
|||
Mijil
|
6
|
10i
|
6o
|
10é
|
10i
|
6i
|
6u
|
||||
Pocung
|
4
|
12u
|
6a
|
8i
|
12a
|
||||||
Tembang tengahan / Sekar madya
|
|||||||||||
Jurudhemung
|
7
|
8a
|
8u
|
8u
|
8a
|
8u
|
8a
|
8u
|
|||
Wirangrong
|
6
|
8i
|
8o
|
10u
|
6i
|
7a
|
8a
|
||||
Balabak
|
6
|
12a
|
3é
|
12a
|
3é
|
12u
|
3é
|
||||
Gambuh
|
5
|
7u
|
10u
|
12i
|
8u
|
8o
|
|||||
Megatruh
|
5
|
12u
|
8i
|
8u
|
8i
|
8o
|
|||||
Tembang gedhé / Sekar ageng
|
|||||||||||
Girisa
|
8
|
8a
|
8a
|
8a
|
8a
|
8a
|
8a
|
8a
|
Tembang dolanan inggih meniko tmbang kangge
dolana utawa kangge hiburan.
C. Urut-urutanipun
tembang macapat
Tembang
macapat wonten 11 tembang, wonten ngandap niki wonten urut-urutanipun tembang
macapat:
1. Maskumamabang
2. Mijil
3. Kinanti
4. Sinom
5. Asmarandana
6. Gambuh
7. Dandhanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megathruk
11. Pocung
D. Makna-makna
tembang macapat
1. Maskumambang
Yoiku tembang
ing kang ngambaraken raos bungah tiang sepuh ingkang saweg nenggo
kelahiranipun putra. Watakipun tembang meniko yoiku seneng tapi ugi was-was.
2. Mijil
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken raos seneng, asih lan tresna, amargi putra ingkang sampun
ditenggo-tenggo sampun lahir utawa medal.
Watake tembang yoiku asih, tresna, lan seneng.
3. Sinom
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken kanoman utawa taksih
bocah. Watake tembang seneng ugi sedih manawi tiyang sepuh kawatir menawi
wonten cilaka saweg dolan kalian rencang-rencangipun.Watake tembang grapak.
4. Kinanti
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang sepuh ingkang maringi pinuduh kangge bocah utawa
lare. Watake tembang asih lan asuh.
5. Asmarandana
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang ingkang saweg
katresnan kalian tiyang sanesipun. Watake tembang yoiku tresna utawa seneng.
6. Gambuh
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang ingkang sampun berumah tangga. Watake tembang niki
yoiku asah, asih lan asuh.
7. Dandanggula
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang ingkang sampun kecukupan lahir kalihan batinpun. Watake
tembang ngresepake.
8. Durma
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang ingkang remen
tetulung kalih tangga teparo.
9. Pangkur
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang ingkang
sampun mboten menggalih urusan duniya
lan sampun yingkiraken hawa nepsunipun.
10. Megatruh
Yoiku tembang
ingknang ngambaraken tiyang ingkang sampun nilar dunya sampun kapisah ruh lan
raganipun. Watake tembang sesih lan susah.
11. Pocung
Yoiku tembang
ingkang ngambaraken tiyang ingkang sampun dipun pocong utawa sampun dipun
kafani. Watake tembang sedih lan susah.
E. Contoh tembang
macapat lan dolanan
A. Contoh tembang macapat
1. Gambuh
Sekar gambuh
pring catur
Kang cinatur
polah kang kalantur
Tanpa tutur
katula-tula katali
Kadaluarsa
kapatuh
Kapatuh pan
dadi awon
2. Pocung
Ngelmu iku
kalakone kanti laku
Tegase lawan
kas
Tegese kas
nyantosani
Setya budya
pungkasane
Durangkara
3. Asmarandana
Aja turu sore
kaki
Ana dewa
nganglang jagat
Nyangkir bokor
kencanane
Isine donga
tetulak
Sandang
kalawar pangan
Yoiku
begayanipun
Wong melek
sadar narimo
B. Contoh tembang dolanan
1. Gundul-gundul pacul
Gundul-gundul
pacul
Gembelengan
Nyungi-nyungi
wakul-kul
Gembelengan
Bakul limpa
segane gari sak rantang
Bakul limpa
segane gari sak rantang
2. Lir-ilir
Lir-ilir
lir-ilir
Tandure wis
sumlir
Tak ijo royo-royo
Tak sangguh
temanten anyar
Cah anggoon
cah anggoon
Penekna
blimbing kuwi
Lunyu-lunyu
penekna
Kanggo mbasuh
dodot iro
Dodot iro
dodot iro kumintir bedah ing pinggir
Dondomono
jumantono kanggo sebok mengko sore
Mumpung padang
rembulane
Mumpung jembar
kalangane yo surao-surak hore
BAB III
PENUTUP
3.1
Dudutan
Saking pamedharan ing nginggil saged kapundut
dudutan inggih meniko:
1. Tembang jawa yoiku tembang
saking jawa tengah sebab ing jawa timur
lan bali macapat sampun dipunkenal sakderengipun penyebaran agami islam.
2. Jinis-jinispun tebambang
jawa: tembang macapat lan tembang dolanan.
3. Tembang macapat wonten 11
jinisipun yoiku: maskumambang, mijil, sinom, kinanti, asmarandana, gambuh, dandanggula,
pangkur, megatruk, lan pocung.
4. Tembang dolanan yoiku
tembang kagem hiburan.
3.2
Saran
2. guru migunakaken cara
pengenalan tembang jawa ingkang ngremenaken.
3. Supados pemerintah memerhatikaken dening
tembang-tembang jawa.
Daftar pustaka
1. http://sabdalangit.wordpress.com/2009/06/01/makna-tembang-macapat/
sumbe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar