Pages

Rabu, 15 Oktober 2014

Meningkatan Ketrampilan Menulis, Berbahasa Jawa (huruf jawa) di Kelas Rendah



Logo_Unnes.png
MAKALAH

Peningkatan Ketrampilan Menulis,
 Berbahasa Jawa(huruf jawa) di kelas rendah


BAB I
PURWAKA
1.      Pawadaning Prekawis

Ing salebeting jaman globalisasi kemajenganipun teknologi informasi ingkang sansaya ngrembaka. Kathahipun budaya manca ingkang lumebet dhateng negari Indonesia anjalari bilih sedaya peranganing gesang bebrayan ngalami owah gingsir, kalebet unggah-ungguh, subasita, watak, saha gayanipun para manungsa. Pangaribawa budaya teknologi informasi (kadosta televisi, radhio, internet, lan sapanunggilipun) celak sanget kaliyan para putra (generasi mudha); tundhanipun kapribaden budaya timur (budaya Jawi) ketingal sangsaya luntur, kapribaden budaya manca kados-kados tuwuh ngrembaka. Pramila ing wekdal menika kathah kedadosan ingkang cengkah lan boten jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, ingkang adamel tintrimipun tiyang sepuh. Kedadosan-kedadosan ingkang nalisir saking tumindak kautamen, kadosta pasrawungan ingkang bebas tanpa wates, tumindak sedheng, padudon antawisipun para siswa/mahasiswa, lan sanes-sanesipun asring ngrenggani pawartos-pawartos wonten ing televisi. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan saha kawratan menawi badhe anggulawenthah kapribaden ingkang pinuji, budi luhur utawi pakarti ingkang utami dhumateng para putra wiwit wonten ing kulawarga, pawiyatan (sekolah), punapadene wonten ing bebrayan agung (masyarakat).
Zaman saniki sampun kathah lare – lare alit ingkang boten saged maos basa jawa langkung – langkung aksara jawa. Napa malih saniki zaman globalisasi, sedaya bab serba canggih, ngantos – ngantos basa daerah sampun mulai luntur ing ngageme basa saben dinane. Malah – malah wonten ibu ingkang asli pribumi jawi, kok nglatih larene ngagem basa Indonesia. Mbok menawi saking anggepanipun tiyang, basa jawi niku mpun boten gaul. Umpami kita sedaya saged kasebut tiyang jawa, malah boten saged nguri – nguri basa lan budaya jawa, basa ibu tiyang jawi kita piyambak.
Bab masalah niki saged dados masalah ageng umpami kita piyambak boten saged mrantasi bab punika. Bakal dados ical sedaya budaya warisan saking sesepuh lan pinisepuh kita sedaya. Lan saged ngubah identitas kita sedaya dados tiyang jawi. Lah niki sedaya saged dados penggawean lan kewajibane tiyang – tiyang jawi supados pripun caranipun saged nglestarekake basa jawa, langkung – langkung nulis aksara jawa.

2.      Memotaning Prekawis

a.       Punapa niku ingkang diarani aksara jawa carakan ?
b.      Punapa niku ingkang kasebut aksara sandangan kagem aksara jawa ?
c.       Pripun caranipun supados saged maos aksara jawa kanthi lancar?


3.      Ancasing Panaliten

a.       Mangertos ingkang kasebut aksara jawa ?
b.      Mangertos lan ngerti napa niku ingkang kasebut aksara sandangan kagem aksara jawa ?
c.       Supados saged maos aksara jawa kanthi lancar?



















BAB II
ISI
1.      AKSARA JAWA CARAKAN

http://nindityo.files.wordpress.com/2008/04/hurufjawa2oq0.gif?w=300&h=153Ing babagan pangajaran ing bocah SD betahaken kesabaran, ketlatenan, lan keuletan. Piwulang aksara jawa ing tingkatan rendah biasane diawiti saking nyathet bab aksara jawa dasar kayata huruf  ha di tulis lan diibaratake kaya huruf n nanging duwe                     ngarepan kayata ing gambar ing kiwa                         iki. Ing intine niki bocah saged titen                                 lan ileng sadaya kaleh dasa huruf jawa.                                                                                           Kaya ing gambar. Sabanjure iku, para               bocah – bocah dipun paring latihan                                          kaya tembung – tembung sing                        gampang lan dereng betahaken pasang                                      an. Kayata tembung sada,ana, rana, lan                                                                                           sapanunggalane. Mboten namung bab nulis mawon, ing babagan punika, kita sedaya uga saged bimbing para bocah niki aktif ing jero kelas kayata kawontenan soal ingkang saged di garap nanging ngagem syarat maju ing ngarep kelas kanthi cepet – cepetan. Soal ing ngarep niku saged saking aksara jawa dilatenke utawi latin di dadosaken aksara jawa.     
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEj_xx98oWgj4CCNvPsT9ER_DVwJxr-gxwli9Zgp-ZYANmwuffKXyHNlvEJwtjxeshAyCx-H2RbW1gvpUj4ffN-beP2ME1pM805yeoRzlMRQwVMqn733ykTOGXh_qFkY0UBCnmbRX_TXDA8/s1600/sandhangan.jpegNing umpami para bocah sampun saged lancar lan sampun apal sedaya huruf dasar puniku. Langkung lajengaken piwulang kaya nyathet pasangan aksara jawa ingkang taksih dasar. Kayata pepet, wulu, taling tarung, taling lan sakpanunggalane. Ing ngajar bab niki  kudu dieja kanthi jelas lan sabar kaya “ ma dipepet dadi me, la di wenehi layar dadi lar.” Dadi macane melar. Lan sabanjure guru saged maringi latihan - latihan ing ana kaitane kaya ana sandangan kang taksih dasar.
            Ning umpami para murid sampu         lancar babagan aksara jawa lan          sandangan.luwih becik ning bocah - bocah kuwi wau dipunparingi bacaan aksara jawa lan prentah ngartekke dados latin. Lan sabanjure walik prentah wau kaya latin dados aksara jawa.
              Kangge nglatih kelancaran maca lan nulis aksara jawa, damel mawon acara kuis utawi ulangan basa jawa. Ning umpami damel kuis biasane inggih punika kanthi maringi poin utawi tambahan biji kang kanthi tujuan saged ngrangsang murid sinau lan luwih mudeng bab aksara jawa punika.
              Utawi kagem media pembelajaran dolanan kanggo narik minat para siswa sedaya. Amargi para bocah seneng kangge cara dolanan, pada karo cara saumurane seneng pada dolanan.















BAB III
WASANA

A.    DUDUTAN

Ing zaman saniki ingkang serba modern saking sadaya perihal, kayata basa ingkang kita sadaya saged ngraosaken. Ning saniki basa ibune tiyang jawa sampun mulai luntur. Langkung – langkung basa aksara jawa, sadaya punika sampun dados panggawean lan tugas kita sadaya supados saged nglesatrekaken budaya saking sesepuh lan pinisepuh kita sedaya.

B.     SARAN
Kita punika tiyang jawa tulen, sampun kewajiban kita sadaya saged nguri – nguri budaya kita piyambak, langkung – langkung ing bab aksara jawa. Kita wajib bangga gadhah budaya jawa. Rasa bangga ingkang kita gadhahi niku saged nyurung kita sadaya supados saged nglestarikanken budaya kita.

                                                                                                                                                                                 zAJA
                                                                                                                                                                                         Z




.
                                                                                                                                                                                  
                                                                                   




KAPUSTAKAN






  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar