Pages

Sabtu, 11 Oktober 2014

Kaprigelan Wicara Lumantar Pasinaon Basa Jawi Sacara Terpadu






MAKALAH
KAPRIGELAN WICARA LUMANTAR PASINAON BASA JAWI SACARA TERPADU



BAB I
PURWAKA

A.    Pawadaning Prekawis
Ing piwulang basa, wonten sekawan aspek katrampilan, inggih punika nyimak, wicara, maos, lan nyerat. Sekawan katrampilan punika gegayutan antawis setunggal lan sanesipun. Katrampilan wicara lan nyerat punika minangka katrampilan ingkang produktif, tegesipun siswa dipunkajengaken gadhah kaprigelan lan saged ngandharaken gagasan utawi pamanggih kanthi basa lisan tuwin seratan. Dene maos menika kalebet katrampilan ingkang asipat reseptif.
Ing pagesangan, manungsa boten saged uawal saking basa. peranan basa penting sanget kangge sesrawungan. Lumantar basa manungsa saged ngandharaken idhe, gagasan, lan wosing penggalih dhateng tiyang sanes. Paramila, sinau basa kedhah wiwit alit supados saged ngginakaken basa kanthi pener lan trep.
Adhedasar lelimbangan wonten nginggil, mila makalah punika dipunsukani irah-irahan “Kaprigelan Wicara Lumantar Pasinaon Basa Jawi sacara Terpadu”.

B.     Momotaning Prekawis
Adhedhasar lelimbangan ingkang sampun kababar ing nginggil, momotaning prekawis ing makalah menika inggih punika “Kados pundi kaprigelan wicara lumantar pasinaon Basa Jawi sacara terpadu punika?”.

C.    Ancasing Panaliten
Adhedasar momotaning prekawis ing nginggil, ancas ingkang badhe dipungayuh ing makalah menika inggih punika ngandharaken kaprigelan wicara lumantar pasinaon Basa Jawi sacara terpadu.

BAB II
KAPRIGELAN WICARA LUMANTAR PASINAON BASA JAWI SACARA TERPADU.

I.       Hakikat Wicara
Sacara umum, wicara saged dipunwestani satunggaling kagiyatan kangge ngandharaken idhe, wosing penggalih satunggaling tiyang dhateng tiyang sanes, kanthi ngginakaken basa lisan saengga maksud saged dipuntampi kanthi gamblang.(Depdikbud, 19843/1985:7). Miturut Tarigan (1983:15), wicara inggih punika kemampuan ngucapaken tetembungan kangge mengekspresikan, ngandharaken pamikiran, pangraosan lan gagasan.
Hakikatipun, wicara minangka proses sesrawungan ingkang dipuntandani dening pemindahan pesan saking satunggaling sumber (komunikator/pembicara) dateng komunikan (pendengar). Basa lisan minangka piranti komunikasi ingkang dipunasilaken dening alat ucap manungsa. Salajengipun simbol ingkang dipunsaluraken lumantar hawa (udara) dipuntampi dening komunikan. Lajeng komunikan nyukani umpan balik dateng komunikator. Umpan balik menika reaksi ingkang muncul sasampunipun komunikan mahami isi pesan. Kanthi mekaten sesrawungan ingkang kasil menika dipuntandani wontenipun interaksi antawis komunikator lan komunikan.
Adhedasar andharaning nginggil, saged dipundhut dudutan bilih sesrawungan saged kaleksanan bilih persyaratan ing ngandhap punika dipunjangkepi:
(1) Wontenipun Komunikator (tiyang ingkang menyampaikan pesan)
(2) Pesan (wosing pembicaraan)
(3) komunikan (tiyang ingkang nampi pesan)
(4) Media (bahasa lisan)
(5) Sarana (wekdal, papanpanggenan, suwasana)
(6) interaksi (searah, 2 arah, utawi multiarah).

II.      Hakikat PembelajaranTerpadu
Piwulangan terpadu minangka piwulangan ingkang dipadukan saking konsep, materi, mata pelajaran, utawi sikap lan perilaku adhedasar satunggaling tema, lan tema-tema kasebatboten dipunpilih-pilih antar bidang studi. Pembelajaran terpadu nggadhahi pinten-pinten karakteristik, antawisipun :
1.         Berpusat dateng siswa
Pembelajaran terpadu minangka satunggaling sistem pasinaon ingkang nyukani keleluasaan dateng siswa anggenipun aktif madosi, menggali, lan manggihaken konsep sarta prinsip-prinsip saking satunggaling pengetahuan ingkang kedhah dikuwaosai. Salebeting pembelajaran terpadu peranipun dwija langkung katah minangka fasilitator lan siswa minangka aktor.
Tuladha:
Ing mata pelajaran Basa Jawa
materi nyerat aksara jawi,dwja ngayahi tugasipun minangka fasilitator inggih punika nyukani pitedah lan ngarahaken proses kagiyatan nyerat aksara jawi kanthi leres. Dene siswa tememen ngayahi tugasipun jumbuh kaliyan arahan saking dwija. Siswa nyeratasiling piwulangan lan praktik maos aksara jawi, lajeng dwija nglurusaken konsep ingkang klentu. Dwija kaliyan siswa nyimpulaken asil piwulangan.
2.         Otentik
Pembelajaran terpadu ancasipun kangge nglibataken siswa sacara langsung dhateng konsep lan prinsip ingkang
dipunsinaoni, saengga lumantar pengalaman langsung menika, siswa pikantuk pengalaman ingkang nyata minangka dasar kangge mahami prekawis ingkang abstrak.
Tuladha:
Ingmateri nyerat pengalaman pribadi utawi nyerat laporan kunjungan, dwijaboten namung ngandharaken materi kemawon, anangingdwija ngajak siswa langsung dhateng papan panggenan ingkang jumbuh
kaliyan materi kasebat, kadosta museum. kanthi pengalaman langsung menika, siswa saged mangertosi kanthi gamblang materi ingkang badhe dipun sinaoni.

3.         Antawis bidang studi boten dipunpisah kanthi gamblang.
Pembelajaran terpadu memusatkan perhatian dateng pengamatan satunggaling prastawa saking pinten-pinten mata pelajaran sekaligus. Pemisahan antara bidang studi boten dipunketingalaken saengga wonten peluang  siswa mahami satunggaling fenomena pasinaon saking sedaya sisi. Fokus pembelajaran dipunarahaken dhateng pembahasan tema-tema ingkang paling caket kaitanipun kaliyan pagesangan siswa.
Tuladha:
Materi nyariosaken pengalaman pribadi. Dwija maringi tuladha nyariosakenliburan ing Borobudur
“Liburan semester genep iki Rudidijanjeni wong tuwanebakal diajak liburan ana ing Borobudur. dheweke dijanjeni budhal menyang Borobudur dina Rebo, jam enem esuk. nalika budhal Rudi katon bungah banget. setibane ing Borobudur, Rudi weruh dolanan kang macem-macem rupane. dheweke kepincut pengin tuku motor-motoran kang gedhe kuwi. bareng ditakokna marang bakule, jebul motor-motoran mau regane 50.000 ewu rupiyah. Rudi ngetung dhuwite. dheweke kelingan mau wis disangoni bapake 100.000 ewu. bareng dirasa turah dhuwite, motor-motoran mau sida dituku. Bareng mlaku sawetara, dheweke weruh kaos apik. Kaos kuwi dituku rego 25.000 ewu. Banjur dhuwit sisane mau dibalekake marang bapake. Rudi banget senenge.
Cariyos ing nginggil ngetingalaken bilih wonten unsur pelajaran Basa jawa lan pelajaran matematika
4.         Wontenipun konsep saking pinten-pinten bidang studi salebeting proses piwucalan
5.         Asipat luwes 
Pembelajaran terpadu asipat luwes, amargi dwija saged ngaitaken bahan ajar saking satunggaling bahan ajar kaliyan mata pelajaran sanesipun, saged ugi kaliyan pgesangan siswa lan kahanan lingkungan siswa.
Tuladha:
Kanthi fleksibel dwija mengaitkan pinten-pinten bahan ajar ingkang jumbuh kaliyan lingkungan sekitar siswa. Tuladhanipun ing pelajaran SBK ngengingi
lagu suwe ora jamu, siswa dipun gladhi lagu kasebat dening dwijanipun. Dene ing pelajaran IPA materi makanan bergizi ingkang nyehataken. Lajeng dwija paring pitakenan dhateng siswa taneman napakemawon ingkang saged nyehataken lan saged minangka jamu? lajeng siswa mangsuli “kunir, godhong sirih, dll”.
6.         Asil pasinaon saged berkembang jumbuh kaliyan minat lan kabetahan siswa. Siswa disukani kasempatan kangge ngoptimalaken potensi ingkang wonten ing dhirinipun jumbuh kaliyan minat lan kabetahanipun.

















BAB III
WASANA
Dhudhutan
Adhedasar makalah ingkang sampun diandharaken ing nginggil, saged dipunpundhut dudutan bilih anggenipun mucal dwija kedah nggadhahi kaprigelan wicara ancasipun supados saged mentransfer informasi dhateng siswanipun kanthi trep lan pener. Sacara umum, wicara saged dipunwestani satunggaling kagiyatan kangge ngandharaken idhe, wosing penggalih satunggaling tiyang dhateng tiyang sanes, kanthi ngginakaken basa lisan saengga maksud saged dipuntampi kanthi gamblang. Piwucalan wicara ugi kedah langkung nengenaken praktek katimbang teori.
Dwija basa jawi kedhah nggadhahi kreatifitas salebeting nindakaken piwucalan. Dwija ingkang kreatif boten namung dados fasilitatorlandinamisator kangge siswa, ananging saged nyukani model lan makna ingkang signifikan tumrap arti lan makna sinau basa jawi. Salah satunggaling cara ingkang saged katindhakaken dening dwija inggih punika ngetrepaken metodhe piwucalan ingkang saged nglibataken siswa  sacara aktif, kreatif, lan ngremenaken.












KAPUSTAKAN
Depdikbud. (1984/85). Program Akta Mengajar V-B Komponen Bidang Studi Bahasa Indonesia: Buku II Modul Keterampilan Berbicara dan Pengajarannya. Jakarta: Direktorat Jenderal Pendidikan Tinggi.
Dipodjojo, Asdi S. (1982). Komunikasi Lisan. Yogyakarta: Lukman.
Keraf, Gorys. (1980). Komposisi. Ende-Flores: Nusa Indah.
Tarigan, Henry Guntur. (1983). Berbicara sebagai Suatu Keterampilan Berbahasa.Bandung: Angkasa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar