Pages

Sabtu, 11 Oktober 2014

Ningkataken Ketrampilan Nyimak Basa Jawi Ing Kelas Inggil



MAKALAH
NINGKATAKEN KETRAMPILAN NYIMAK BASA JAWI
 ING KELAS INGGIL

BAB I
PAMBUKA

Kanthi ningali wonten jaman modern kados sakmenika, ingkang dipunsebat era globalisasi, kathah sanget kabudayan-kabudayan saking manca nagari ingkang mlebet dhateng nagari  Indonesia. Kabudayan-kabudayan kasebat, saniki sampun ngrembaka ing nagari kita utaminipun ing tlatah Jawi. Punika saged nyisihaken kabudayan ingkang sampun ngrembaka ing tlatah kita. Kabudayan punika  umpaminipun Basa Jawi. Basa Jawi punika kalebet basa ingkang sampun dipun agem dening warga utamanipun tiyang ingkang wonten ing Jawi. Sakmenika, Basa Jawi kedah dipunlestantunaken supados saged dados sumber sejarah kabudayan nasional.
Basa Jawi inggih punika piwulangan kangge lare SD ingkang wajib wonten ing Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Piwulangan Basa Jawi punika pangangkahanipun supados lare-lare SD utaminipun lare-lare ing kelas tinggi saged ngugemi lan mangertosi anggenipun Basa Jawi. Piwulangan Basa Jawi punika kaperang dados 4, inggih punika wonten kegiatan maca, nyimak, micara lan nulis. Wonten mriki, kegiatan nyimak menika sejatosipun sami kaliyan kegiatan maca, ananging nyimak inggih punika namung mahami teks lisan.
Nyimak kelebet kegiatan ingkang ewed amargi tasih kathah lare SD umpaminipun lare-lare kelas tinggi ingkang dereng mangertos kosa kata ing Basa Jawi. Salajengipun, lare-lare SD ing kelas tinggi, kathah ingkang pasif menawi nyimak piwulangan Basa Jawi, amargi miturut lare Basa Jawi menika ewed dipunmangertosi kata utawi istilah ingkang wonten ing Basa Jawi punika.
Nyimak kalebet salah satunggaling kegiatan ingkang utami amargi awit kegiatan nyimak, lare-lare SD utaminipun ing kelas tinggi, saged nanggapi pinten-pinten waosan utawi warta ingkang dipuntingali utawi mirengaken. Temtuke mawon waosan utawi warta ingkang ngangge Basa Jawi. Mila, kegiatan nyimak wonten ing Basa Jawi menika kedah ditingkataken kaliyan cara-cara ingkang saged narik kawigaten lare-lare SD utaminipun lare ing kelas tinggi purun sinau supados mangertos anggenipun Basa Jawi menika.







BAB II
WOSING PIREMBAGAN

A.    Artosipun Nyimak
Nyimak inggih punika salah satunggaling kegiatan mirengaken lambang-lambang lisan kanthi mangertos, kangge madosi informasi, nangkep lan mahami isinipun makna ingkang dipunaturaken  dening pamicara. Nyimak benten kaliyan mirengaken, amargi kegiatan mirengaken punika sampun wonten unsur ingkang dipunsengaja nanging dereng kalebet unsur pemahaman amargi dereng dados pangangkahipun. Kegiatan nyimak punika wonten mirangaken kaliyan usaha kangge mahami bahan simakan utawi isi waosan kasebat. Mila, ingkang kegiatan nyimak menika, mbutuhaken kawigatosan lan pemahaman ingkang salah satunggaling unsur utami wonten kegiatan nyimak menika. Wonten saben dintene, kegiatan nyimak punika mboten nate kaliwatan. Sadar utawi mboten sadar, nyimak nggadahi pangangkah. Pangangkah nyimak punika umpaminipun  nyimak menawi pingin mangertos utawi pingin nyinaoni bahan simakan, nyimak amargi pingin mendhet manfaat saking bahan simakan, nyimak amargi pingin dados sopan lan santun, lan sapanunggalane. Nanging, pangangkahipun nyimak ingkang utami inggih menika kangge nangkep utawi mahami pesen, ide sarta gagasan ingkang wonten ing materi utawi bahan simakan punika.
B.     Ragam Nyimak
Kegiatan nyimak punika kaperang dados 2 inggih menika nyimak ekstensif lan nyimak intensif:
1)      Nyimak ekstensif
Inggih menika kegiatan nyimak ingkang mboten mbutuhaken kawigatosan lan katelitian saengga penyimak namung mahami pokok-pokok utawi wosingipun. Nyimak ekstensif kaperang dados 4, inggih menika:
a.       Nyimak sosial
Nyimak sosial dipunlakokaken dening masyarakat wonten ing panguripan saben dinten, umpaminipun wonten terminal, stasiun, kantor pos, lan sapanunggalane. Kegiatan nyimak menika luwih ngutamakaken status sosial, unsur sopan santun lan tingkatan wonten ing masyarakat. Umpamanipun: Wonten lare jawa nyimak pesen saking simbah larenipun kaliyan sikap lan basa ingkang santun. Sakmenika, simbah nggadahi peran ingkang utami, kaliyan larenipun dados peran sasaran.
b.      Nyimak Sekunder
Nyimak sekunder wonten ingkang kabeneran. Umpaminipun, wonten siswa saweg maos wonten kamar, ugi saged mirengaken pamicara tiyang sanes, swara siaran radio, swara tv, lan sapanunggalane. Swara kasebat saged dimirengaken dening siswa kasebat, nanging siswa menika mboten  kaganggu dening swara menika.
c.       Nyimak Estetik
Nyimak estetika asring dipunsebat nyimak apresiatif. Nyimak estetika inggih punika kegiatan nyimak kangge nikmati salah sawijining hal. Umpaminipun, nyimak pemaosan puisi, rekaman drama, crita, syair lagu, lan sapanunggalane. Kegiatan nyimak punika luwih ngutamakaken aspek emosional penyimak. Sakmenika, menawi wonten emosi penyimak, penyimak saged ndamel rasa sumringah utawi nelangsa marang hal ingkang dipunwigatosaken .
d.       Nyimak Pasif
Nyimak pasif inggih menika kegiatan nyimak salah satunggaling waosan ingkang dilakokaken kanthi mboten sadar. Umpaminipun, wonten saben dinten, wonten tiyang  ingkang mirengaken basa daerah, salajengipun wonten kalih utawi telung taun, tiyang sampun lancar mahami pesen ingkang wonten ing basa daerah kasebat. Kapinteranipun ngangge basa daerah dilalakoaken kangge  kasil nyimak pasif. Nanging, tiyang menika sampun saged migunakeken  basa daerah kanthi sae. Kegiatan nyimak pasif kathah dipungunakake dening  masyarakat awam ing saben dinten. Ing pendhidhikan wonten sekolah mboten mangertos artosipun nyimak pasif. Umumipun, nyimak pasif dados amargi mboten dipunsengaja.
2)      Nyimak Intensif
Nyimak intensif inggih menika kegiatan nyimak ingkang mbetahaken  kawigatosan, lan katelitian saengga tiyang ingkang nyimak saged paham. Nyimak intensif punika nyimak pemahaman (mahami bahan simakan) ingkang pangangkahipun kangge mahami makna bahan ingkang disimak kanthi sae. Nyimak intensif luwih ngutamakaken hiburan, kontak sosial lan sapanunggalane. Wonten ing nyimak intensif mbetahaken kawigatosan supados tiyang ingkang nyimak saged konsentrasi, lan mboten kaganggu sawektu nglakoaken kegiatan nyimak. Nyimak intensif menika mahami basa ingkang resmi utawi formal. Umpaminipun ceramah, pidhato, diskusi, dhebat, temu ilmiah, lan sapanunggalane. Basa resmi punika digunakaken amargi luwih ngutamakaken makna. Nyimak intensif kaperang dados 6, inggih menika:
a.        Nyimak kritis
Nyimak kritis inggih menika kegiatan nyimak ingkang pangangkahipun kangge  madosi informasi kanthi objektif, nemtoaken kaunggulan lan kirangipun.
b.      Nyimak introgatif
Nyimak interogratif inggih menika kegiatan nyimak ingkang pangangkahipun saged ngangge cara taken pitakonan marang tiyang ingkang gadah informasi kasebat. Pangangkahipun kangge madosi fakta-fakta saking pamicara, madosi informasi menawi bahan ingkang dipunsimak punika asli punapa mboten.
c.       Nyimak eksploratif
Nyimak eksploratif inggih menika kegiatan nyimak kanthi mbetahaken kawigatosankangge madosi informasi anyar utawi tambahan saking bidang tertamtu.
d.       Nyimak kreatif
Nyimak kreatif inggih menika kegiatan nyimak ingkang pangangkahipun kangge ngembangaken daya imajinasi lan kreativitas siswa. Kreativitas penyimak umpami, ngrancang pesen utawi nasihat saking materi ingkang sampun disimak, salajengipun niroaken lafal basa asing utawi basa daerah, lan sapanunggalane.
e.       Nyimak konsentratif
Nyimak konsentratif inggih menika kegiatan nyimak ingkang mbetahaken kawigatosan kangge nggadahi pemahaman ingkang sae dening informasi ingkang dipunsimak. Pangangkahipun kangge madosi hubungan unsur satunggal kaliyan unsur liyane, madosi gagasan utami saking bahan ingkang sampun dipunsimak, madosi informasi utami wonten ing kegiatan nyimak punika.
f.        Nyimak selektif
Nyimak selektif inggih menika kegiatan nyimak ingkang selektif kangge ngenal  nada lan suara, kata-kata, frase-frase, kalimat-kalimat, sarta bentuk-bentuk, basa ingkang dipunsinaoni.
C.     Ngidentifikasi Jenis-jenis Materi Pambelajaran Kang Diterapke Ing Lare SD Kelas Tinggi
Materi pambelajaran ugi saged kaperang dados jenis materi aspek kognitif, afektif, lan psikomotorik. Materi pembelajaran aspek kognitif ingkang dipunringkes saged kaperang dados sekawan jenis, inggih menika: fakta, konsep, prinsip lan prosedur (Reigeluth,1987).
1)             Materi jenis fakta inggih menika materi arupa nami-nami objek, nami panggenanipun, nami tiyang, lambang, kadadean sejarah, nami bagian utawi komponen, lan sapanunggalane.
2)             Materi konsep arupa artosipun, hakekat, inti wosipun.
3)             Materi jenis prinsip arupa dalil, rumus, teorema.
4)             Materi jenis prosedur arupa langkah-langkah nglakoaken kanthi runtut.
5)             Materi pambelajaran aspek afektif kayata penerimaan (apresisasi), internalisasi, lan penilaian.
6)             Materi pambelajaran aspek motorik inggih menika gerakan awal, semi rutin, lan rutin.
Milih jenis materi
ingkang  sami kaliyan standar kompetensi lan kompetensi dasar mbetahaken ruang lingkup ingkang cekap, saengga siswa gampil entuk nilai ingkang sae wonten standar kompetensi menika. Langkah salajengipun inggih menika milih jenis materi ingkang wonten kaitane kaliyan aspek-aspek ingkang wonten ing standar kompetensi lan kompetensi dasar kasebat. Materi ingkang diaturaken mbetahaken fakta, konsep, prinsip, prosedur, afektif, utawi gabungan luwih saking satunggal jenis materi. Kaliyan ngidentifikasi jenis-jenis materi ingkang badhe diaturaken, mila guru gampil menawi badhe ngaturaken materi kasebat. Salajenge langkah punika inggih menika  milih jenis materi kasebat ingkang sami kaliyan  standar kompetensi utawi kompetensi dasar ingkang dikuasai dening siswa utaminipun lare Sd wonten kelas tinggi. Sakmenika utami,  saben jenis materi pambelajaran mbetahaken strategi pambelajaran utawi cara, media, lan penilaian ingkang benten. Kaliyan kompetensi dasar, kita mangertosi menawi materi ingkang kedah kita aturaken, arupa fakta, konsep, prinsip, prosedur, aspek sikap, utawi psikomotorik.
D.    Sumber Bahan Ajar
Salajengipun milih jenis materi inggih menika nemtoaken sumber bahan ajar. Materi pambelajaran utawi bahan ajar saged kita temoaken saking kathah sumber umpami buku pelajaran, majalah, jurnal, koran, internet, media audiovisual, lan sapanunggalane. Masalah cakupan utawi ruang lingkup, kedalaman lan runtutan materi pambelajaran dipunaturaken utaminipun kedah dipunwigatosaken.
Nemtoaken ruang lingkup materi pambelajaran kedah dipunwigatosaken menawi materi punika arupa aspek kognitif (fakta, konsep, prinsip, prosedur) aspek afektif, utawi aspek psikomotorik, amargi menawi sampun dibekta dugi kelas mila saben jenis materi kasebat memerlukanbetahaken strategi lan media pambelajaran ingkang benten. Saliyane  migatosi jenis materi pambelajaran, ugi kedah nggateaken prinsip-prinsip ingkang nemtoaken cakupan materi pambelajaran. Cakupan materi punika nggambaraken pinten kathahe materi-materi ingkang dilebetaken wonten materi pembelajaran. Cakupan utawi ruang lingkup materi kedah dipuntemtoke kangge mangertosi menawi materi ingkang kedah dipunsinaoni dening murid kathahen, utawi kirang, utawi sampun sami kaliyan kompetensi dasar.
Urutan penyajian bahan ajar ugi sanget utami kangge nemtoake urutan nyinaoni utawi ngaturaken. Menawi mboten runtut, umpami wonten materi pambelajaran nggadahi hubungan ingkang sifate prasyarat, punika saged marake siswa ewed nampi piwulanganipun.
Sumber bahan ajar inggih menika panggenan menapa bahan ajar saged diparingi.  Ingkang madosi sumber bahan ajar, siswa utaminipun lare SD wonten kelas tinggi nggadahi peran kangge madosi sumber bahan ajar punika.Umpaminipun, siswa dipunparingi tugas kangge madosi koran, majalah, kasil penelitian, lan sapanunggalane. Kathah sumber ingkang saged kita gunakaken kangge entuk materi pambelajaran saking saben standar kompetensi lan kompetensi dasar. Sumber-sumber ingkang dipunsebat inggih menika:
1.      Buku Teks
Buku teks ingkang diterbitaken dening penerbit saged dipun pilah kangge sumber bahan ajar. Buku teks ingkang digunakaken kangge sumber bahan ajar salah satunggaling jenis mata pelajaran, mboten kedah namung satunggal jenis, napa maneh namung satunggal penerbit.
2.       Laporan kasil penelitian
Laporan ingkang diterbitaken dening lembaga penelitian utawi dening para peneliti ingkang nduweni manfaat kangge entuk sumber bahan ajar ingkang aktual.  
3.      Jurnal (penerbitan kasil penelitian lan pemikiran ilmiah)
Penerbitan
ingkang nduweni isi utawi wosing kasil penelitian utawi kasil pemikiran ingkang digunakaken kangge sumber bahan ajar. Jurnal-jurnal kasebat wosinipun kasil peneletian saking para ahli wonten bidangipun.
4.      Pakar bidang studi
Pakar utawi ahli bidang studi utaminipun digunakaken kangge sumber bahan ajar. Pakar punika saged dipunsuwuni konsultasi ngenani materi utawi bahan ajar ingkang leres, ruang lingkup, reruntutan, lan sapanunggalane.
5.      Buku kurikulum
Buku kurikulm utaminipun digunakaken kangge sumber bahan ajar. Amargi miturut kurikulum menika standar kompetensi, kompetensi dasar lan materi bahan saged ditemtoaken. Namung, materi ingkang wonten kurikulum namung wose pokok-pokok materi.
6.      Ingkang dipunterbitke berkala umpami Koran katahh informasi ingkang ngenani bahan ajar ing mata pelajaran. Inggih punika,koran sae sanget menawi dipungunakake kangge sumber bahan ajar.
7.      Internet
Bahan ajar
ugi saged  kangge jaringan internet. Ing internet, kita saged madosi sumber bahan ajar ingkang saged dipuncetak utawi dipunkopi.
8.      Media audiovisual (TV, Video, VCD, kaset audio)
Waosipun ugi bahan ajar kangge sakabehane jenis mata pelajaran.
9.      Lingkungan ( alam, sosial, senibudaya, teknik, industri, ekonomi)
Umpaminipun lingkungan alam, lingkungan social, lingkungan seni budaya, teknik, industri, lan lingkungan ekonomi saged didadosaken kangge sumber bahan ajar.









BAB III
PANUTUP
1. Dudutan lan Pamrayogi
Supados ningkataken ketrampilan nyimak Basa Jawi wonten lare SD ing kelas tinggi,  kita kedah maringi materi pambelajaran ingkang gampil dipunmangerteni dening para siswa. Inggih menika langkahipun kaliyan maringi

3. Penutup
Basa lan budaya Jawi tetep ngrembaka lan lestari, sauger masyarakat Jawi minangka ahli waris lan pengguna bahasa, rumaos bombong, tresna lan remen ngginakaken kanthi sae lan leres. Mugi Gusti tansah ngijabahi. Nuwun.



















DAFTAR PUSTAKA


(Kamis, 4 September 2014; 09:34)


Aristha. 2011. Ketrampilan Menyimak. Diambil dari: http://aristhaserenade.blogspot.com/p/keterampilan-menyimak.html (4 September 2014)


(Kamis, 4 September 2014; 09:40)















Tidak ada komentar:

Posting Komentar