MAKALAH
NINGKATAKEN KETRAMPILAN NYIMAK BASA JAWI
ING KELAS INGGIL
BAB I
PAMBUKA
Kanthi ningali wonten jaman modern
kados sakmenika, ingkang dipunsebat era globalisasi, kathah sanget
kabudayan-kabudayan saking manca nagari ingkang mlebet dhateng nagari Indonesia. Kabudayan-kabudayan kasebat, saniki
sampun ngrembaka ing nagari kita utaminipun ing tlatah Jawi. Punika saged nyisihaken
kabudayan ingkang sampun ngrembaka ing tlatah kita. Kabudayan punika umpaminipun Basa Jawi. Basa Jawi punika
kalebet basa ingkang sampun dipun agem dening warga utamanipun tiyang ingkang
wonten ing Jawi. Sakmenika, Basa Jawi kedah dipunlestantunaken supados saged
dados sumber sejarah kabudayan nasional.
Basa Jawi inggih punika piwulangan kangge
lare SD ingkang wajib wonten ing Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Istimewa
Yogyakarta. Piwulangan Basa Jawi punika pangangkahanipun supados lare-lare SD utaminipun
lare-lare ing kelas tinggi saged ngugemi lan mangertosi anggenipun Basa Jawi.
Piwulangan Basa Jawi punika kaperang dados 4, inggih punika wonten kegiatan maca,
nyimak, micara lan nulis. Wonten mriki, kegiatan nyimak menika sejatosipun sami
kaliyan kegiatan maca, ananging nyimak inggih punika namung mahami teks lisan.
Nyimak kelebet kegiatan ingkang ewed
amargi tasih kathah lare SD umpaminipun lare-lare kelas tinggi ingkang dereng
mangertos kosa kata ing Basa Jawi. Salajengipun, lare-lare SD ing kelas tinggi,
kathah ingkang pasif menawi nyimak piwulangan Basa Jawi, amargi miturut lare
Basa Jawi menika ewed dipunmangertosi kata utawi istilah ingkang wonten ing
Basa Jawi punika.
Nyimak kalebet salah satunggaling kegiatan
ingkang utami amargi awit kegiatan nyimak, lare-lare SD utaminipun ing kelas
tinggi, saged nanggapi pinten-pinten waosan utawi warta ingkang dipuntingali
utawi mirengaken. Temtuke mawon waosan utawi warta ingkang ngangge Basa Jawi. Mila,
kegiatan nyimak wonten ing Basa Jawi menika kedah ditingkataken kaliyan
cara-cara ingkang saged narik kawigaten lare-lare SD utaminipun lare ing kelas
tinggi purun sinau supados mangertos anggenipun Basa Jawi menika.
BAB II
WOSING PIREMBAGAN
A. Artosipun
Nyimak
Nyimak inggih punika salah
satunggaling kegiatan mirengaken lambang-lambang lisan kanthi mangertos, kangge
madosi informasi, nangkep lan mahami isinipun makna ingkang dipunaturaken dening pamicara. Nyimak benten kaliyan
mirengaken, amargi kegiatan mirengaken punika sampun wonten unsur ingkang
dipunsengaja nanging dereng kalebet unsur pemahaman amargi dereng dados
pangangkahipun. Kegiatan nyimak punika wonten mirangaken kaliyan usaha kangge
mahami bahan simakan utawi isi waosan kasebat. Mila, ingkang kegiatan nyimak
menika, mbutuhaken kawigatosan lan pemahaman ingkang salah satunggaling unsur
utami wonten kegiatan nyimak menika. Wonten saben dintene, kegiatan nyimak
punika mboten nate kaliwatan. Sadar utawi mboten sadar, nyimak nggadahi
pangangkah. Pangangkah nyimak punika umpaminipun nyimak menawi pingin mangertos utawi pingin
nyinaoni bahan simakan, nyimak amargi pingin mendhet manfaat saking bahan
simakan, nyimak amargi pingin dados sopan lan santun, lan sapanunggalane.
Nanging, pangangkahipun nyimak ingkang utami inggih menika kangge nangkep utawi
mahami pesen, ide sarta gagasan ingkang wonten ing materi utawi bahan simakan
punika.
B.
Ragam Nyimak
Kegiatan nyimak punika kaperang dados 2 inggih
menika nyimak ekstensif lan nyimak intensif:
1) Nyimak ekstensif
Inggih
menika kegiatan nyimak ingkang mboten mbutuhaken kawigatosan lan katelitian
saengga penyimak namung mahami pokok-pokok utawi wosingipun. Nyimak ekstensif
kaperang dados 4, inggih menika:
a. Nyimak sosial
Nyimak sosial dipunlakokaken
dening masyarakat wonten ing panguripan saben dinten, umpaminipun wonten terminal, stasiun, kantor pos, lan sapanunggalane. Kegiatan nyimak menika luwih
ngutamakaken status sosial, unsur sopan santun lan tingkatan wonten ing masyarakat. Umpamanipun: Wonten lare jawa nyimak pesen saking simbah larenipun kaliyan sikap
lan basa ingkang santun. Sakmenika, simbah nggadahi peran ingkang utami, kaliyan larenipun dados peran sasaran.
b. Nyimak Sekunder
Nyimak sekunder wonten
ingkang kabeneran. Umpaminipun, wonten siswa saweg maos wonten kamar, ugi saged
mirengaken pamicara tiyang sanes, swara siaran radio, swara tv, lan sapanunggalane. Swara kasebat
saged dimirengaken dening siswa
kasebat, nanging siswa menika mboten kaganggu
dening swara menika.
c. Nyimak Estetik
Nyimak estetika asring
dipunsebat nyimak apresiatif. Nyimak estetika inggih punika kegiatan
nyimak kangge nikmati salah sawijining
hal. Umpaminipun, nyimak pemaosan puisi, rekaman drama, crita, syair lagu, lan sapanunggalane.
Kegiatan nyimak punika luwih ngutamakaken aspek
emosional penyimak. Sakmenika, menawi wonten emosi penyimak, penyimak
saged ndamel rasa sumringah utawi
nelangsa marang hal ingkang dipunwigatosaken .
d. Nyimak Pasif
Nyimak pasif inggih menika
kegiatan nyimak salah satunggaling waosan ingkang
dilakokaken kanthi mboten sadar. Umpaminipun, wonten saben dinten, wonten tiyang
ingkang mirengaken basa daerah, salajengipun wonten kalih utawi telung taun, tiyang sampun lancar mahami
pesen ingkang wonten ing basa daerah kasebat. Kapinteranipun ngangge basa daerah dilalakoaken kangge kasil nyimak
pasif. Nanging, tiyang menika sampun saged migunakeken basa daerah kanthi sae. Kegiatan nyimak pasif kathah
dipungunakake dening masyarakat awam ing saben dinten. Ing pendhidhikan wonten sekolah mboten mangertos
artosipun nyimak pasif. Umumipun, nyimak pasif dados amargi mboten dipunsengaja.
2) Nyimak Intensif
Nyimak intensif inggih
menika kegiatan nyimak ingkang mbetahaken kawigatosan, lan katelitian saengga tiyang
ingkang nyimak saged paham. Nyimak intensif punika nyimak pemahaman (mahami bahan simakan)
ingkang pangangkahipun kangge mahami makna bahan ingkang disimak kanthi sae.
Nyimak intensif luwih ngutamakaken hiburan, kontak sosial lan sapanunggalane.
Wonten ing nyimak intensif mbetahaken kawigatosan supados tiyang ingkang nyimak
saged konsentrasi, lan mboten kaganggu sawektu nglakoaken kegiatan nyimak.
Nyimak intensif menika mahami basa ingkang resmi utawi formal. Umpaminipun
ceramah, pidhato, diskusi, dhebat, temu ilmiah, lan sapanunggalane. Basa resmi
punika digunakaken amargi luwih ngutamakaken makna. Nyimak intensif kaperang
dados 6, inggih menika:
a. Nyimak kritis
Nyimak kritis inggih menika kegiatan nyimak ingkang
pangangkahipun kangge madosi informasi kanthi objektif, nemtoaken kaunggulan lan kirangipun.
b. Nyimak introgatif
Nyimak interogratif
inggih menika
kegiatan nyimak ingkang
pangangkahipun saged ngangge cara taken pitakonan
marang tiyang ingkang gadah informasi
kasebat. Pangangkahipun kangge madosi fakta-fakta saking pamicara, madosi
informasi menawi bahan ingkang dipunsimak punika asli punapa mboten.
c.
Nyimak eksploratif
Nyimak eksploratif inggih menika kegiatan nyimak
kanthi mbetahaken kawigatosankangge
madosi informasi anyar utawi tambahan saking bidang tertamtu.
d.
Nyimak kreatif
Nyimak kreatif inggih menika kegiatan
nyimak ingkang pangangkahipun kangge ngembangaken daya imajinasi lan kreativitas siswa. Kreativitas
penyimak umpami, ngrancang pesen
utawi nasihat saking materi ingkang sampun disimak, salajengipun niroaken lafal
basa asing utawi basa daerah, lan sapanunggalane.
e.
Nyimak konsentratif
Nyimak konsentratif inggih menika kegiatan
nyimak ingkang mbetahaken kawigatosan
kangge nggadahi pemahaman ingkang sae dening informasi ingkang dipunsimak. Pangangkahipun kangge madosi hubungan unsur satunggal kaliyan unsur liyane,
madosi gagasan utami saking bahan ingkang sampun dipunsimak, madosi informasi
utami wonten ing kegiatan nyimak punika.
f.
Nyimak selektif
Nyimak selektif inggih menika kegiatan
nyimak ingkang selektif kangge ngenal nada lan suara, kata-kata,
frase-frase, kalimat-kalimat, sarta bentuk-bentuk, basa ingkang
dipunsinaoni.
C. Ngidentifikasi Jenis-jenis Materi Pambelajaran Kang
Diterapke Ing Lare SD Kelas Tinggi
Materi pambelajaran ugi saged
kaperang dados jenis materi aspek kognitif, afektif, lan psikomotorik. Materi
pembelajaran aspek kognitif ingkang
dipunringkes saged kaperang dados sekawan jenis, inggih menika: fakta,
konsep, prinsip lan prosedur (Reigeluth,1987).
1)
Materi jenis fakta inggih menika materi arupa nami-nami objek, nami panggenanipun, nami tiyang, lambang, kadadean sejarah, nami bagian utawi komponen, lan
sapanunggalane.
2)
Materi konsep arupa artosipun, hakekat, inti wosipun.
3)
Materi jenis prinsip arupa dalil, rumus, teorema.
4)
Materi jenis prosedur arupa langkah-langkah nglakoaken kanthi runtut.
5)
Materi pambelajaran aspek afektif kayata penerimaan
(apresisasi), internalisasi, lan penilaian.
6)
Materi pambelajaran aspek motorik inggih menika gerakan
awal, semi rutin, lan rutin.
Milih jenis materi ingkang sami kaliyan standar kompetensi lan kompetensi dasar mbetahaken ruang lingkup ingkang cekap, saengga siswa gampil entuk nilai ingkang sae wonten standar kompetensi menika. Langkah salajengipun inggih menika milih jenis materi ingkang wonten kaitane kaliyan aspek-aspek ingkang wonten ing standar kompetensi lan kompetensi dasar kasebat. Materi ingkang diaturaken mbetahaken fakta, konsep, prinsip, prosedur, afektif, utawi gabungan luwih saking satunggal jenis materi. Kaliyan ngidentifikasi jenis-jenis materi ingkang badhe diaturaken, mila guru gampil menawi badhe ngaturaken materi kasebat. Salajenge langkah punika inggih menika milih jenis materi kasebat ingkang sami kaliyan standar kompetensi utawi kompetensi dasar ingkang dikuasai dening siswa utaminipun lare Sd wonten kelas tinggi. Sakmenika utami, saben jenis materi pambelajaran mbetahaken strategi pambelajaran utawi cara, media, lan penilaian ingkang benten. Kaliyan kompetensi dasar, kita mangertosi menawi materi ingkang kedah kita aturaken, arupa fakta, konsep, prinsip, prosedur, aspek sikap, utawi psikomotorik.
Milih jenis materi ingkang sami kaliyan standar kompetensi lan kompetensi dasar mbetahaken ruang lingkup ingkang cekap, saengga siswa gampil entuk nilai ingkang sae wonten standar kompetensi menika. Langkah salajengipun inggih menika milih jenis materi ingkang wonten kaitane kaliyan aspek-aspek ingkang wonten ing standar kompetensi lan kompetensi dasar kasebat. Materi ingkang diaturaken mbetahaken fakta, konsep, prinsip, prosedur, afektif, utawi gabungan luwih saking satunggal jenis materi. Kaliyan ngidentifikasi jenis-jenis materi ingkang badhe diaturaken, mila guru gampil menawi badhe ngaturaken materi kasebat. Salajenge langkah punika inggih menika milih jenis materi kasebat ingkang sami kaliyan standar kompetensi utawi kompetensi dasar ingkang dikuasai dening siswa utaminipun lare Sd wonten kelas tinggi. Sakmenika utami, saben jenis materi pambelajaran mbetahaken strategi pambelajaran utawi cara, media, lan penilaian ingkang benten. Kaliyan kompetensi dasar, kita mangertosi menawi materi ingkang kedah kita aturaken, arupa fakta, konsep, prinsip, prosedur, aspek sikap, utawi psikomotorik.
D.
Sumber Bahan Ajar
Salajengipun milih jenis materi inggih
menika nemtoaken sumber bahan ajar. Materi pambelajaran utawi bahan ajar saged kita temoaken saking kathah sumber umpami buku pelajaran, majalah, jurnal, koran, internet, media
audiovisual, lan sapanunggalane. Masalah cakupan utawi ruang lingkup, kedalaman lan runtutan materi pambelajaran dipunaturaken utaminipun kedah
dipunwigatosaken.
Nemtoaken ruang lingkup materi pambelajaran kedah dipunwigatosaken menawi materi punika arupa aspek kognitif (fakta, konsep, prinsip, prosedur) aspek afektif, utawi aspek psikomotorik, amargi menawi sampun dibekta dugi kelas mila saben jenis materi kasebat memerlukanbetahaken strategi lan media pambelajaran ingkang benten. Saliyane migatosi jenis materi pambelajaran, ugi kedah nggateaken prinsip-prinsip ingkang nemtoaken cakupan materi pambelajaran. Cakupan materi punika nggambaraken pinten kathahe materi-materi ingkang dilebetaken wonten materi pembelajaran. Cakupan utawi ruang lingkup materi kedah dipuntemtoke kangge mangertosi menawi materi ingkang kedah dipunsinaoni dening murid kathahen, utawi kirang, utawi sampun sami kaliyan kompetensi dasar.
Nemtoaken ruang lingkup materi pambelajaran kedah dipunwigatosaken menawi materi punika arupa aspek kognitif (fakta, konsep, prinsip, prosedur) aspek afektif, utawi aspek psikomotorik, amargi menawi sampun dibekta dugi kelas mila saben jenis materi kasebat memerlukanbetahaken strategi lan media pambelajaran ingkang benten. Saliyane migatosi jenis materi pambelajaran, ugi kedah nggateaken prinsip-prinsip ingkang nemtoaken cakupan materi pambelajaran. Cakupan materi punika nggambaraken pinten kathahe materi-materi ingkang dilebetaken wonten materi pembelajaran. Cakupan utawi ruang lingkup materi kedah dipuntemtoke kangge mangertosi menawi materi ingkang kedah dipunsinaoni dening murid kathahen, utawi kirang, utawi sampun sami kaliyan kompetensi dasar.
Urutan penyajian bahan ajar ugi sanget utami kangge nemtoake urutan nyinaoni utawi
ngaturaken. Menawi mboten runtut, umpami wonten materi pambelajaran nggadahi hubungan ingkang sifate prasyarat, punika saged marake siswa ewed nampi
piwulanganipun.
Sumber bahan ajar inggih
menika panggenan menapa bahan ajar saged
diparingi. Ingkang madosi sumber bahan ajar, siswa utaminipun
lare SD wonten kelas tinggi nggadahi peran kangge madosi sumber bahan ajar
punika.Umpaminipun, siswa dipunparingi tugas kangge madosi koran,
majalah, kasil
penelitian, lan sapanunggalane. Kathah sumber ingkang saged kita gunakaken
kangge entuk
materi pambelajaran
saking saben
standar kompetensi lan kompetensi dasar. Sumber-sumber ingkang dipunsebat inggih menika:
1. Buku Teks
Buku teks ingkang diterbitaken dening penerbit saged dipun
pilah kangge sumber bahan ajar. Buku teks ingkang digunakaken kangge sumber bahan ajar salah satunggaling jenis
mata pelajaran, mboten kedah namung
satunggal jenis, napa maneh
namung satunggal penerbit.
2. Laporan kasil penelitian
Laporan ingkang diterbitaken dening lembaga penelitian utawi dening para peneliti ingkang
nduweni manfaat kangge entuk sumber bahan ajar ingkang aktual.
3. Jurnal (penerbitan kasil penelitian lan pemikiran ilmiah)
Penerbitan ingkang nduweni isi utawi wosing kasil penelitian utawi kasil pemikiran ingkang digunakaken kangge sumber bahan ajar. Jurnal-jurnal kasebat wosinipun kasil peneletian saking para ahli wonten bidangipun.
Penerbitan ingkang nduweni isi utawi wosing kasil penelitian utawi kasil pemikiran ingkang digunakaken kangge sumber bahan ajar. Jurnal-jurnal kasebat wosinipun kasil peneletian saking para ahli wonten bidangipun.
4. Pakar bidang studi
Pakar utawi ahli bidang studi utaminipun digunakaken kangge sumber bahan ajar. Pakar punika
saged dipunsuwuni
konsultasi ngenani materi utawi bahan ajar ingkang leres, ruang lingkup, reruntutan,
lan sapanunggalane.
5. Buku kurikulum
Buku kurikulm utaminipun digunakaken kangge sumber bahan ajar. Amargi miturut kurikulum menika standar kompetensi,
kompetensi dasar lan materi bahan saged
ditemtoaken. Namung, materi ingkang wonten kurikulum namung wose pokok-pokok
materi.
6. Ingkang dipunterbitke berkala
umpami Koran katahh informasi ingkang ngenani bahan ajar
ing mata pelajaran. Inggih punika,koran sae sanget menawi dipungunakake
kangge sumber bahan
ajar.
7. Internet
Bahan ajar ugi saged kangge jaringan internet. Ing internet, kita saged madosi sumber bahan ajar ingkang saged dipuncetak utawi dipunkopi.
Bahan ajar ugi saged kangge jaringan internet. Ing internet, kita saged madosi sumber bahan ajar ingkang saged dipuncetak utawi dipunkopi.
8. Media audiovisual (TV, Video, VCD, kaset audio)
Waosipun ugi bahan ajar kangge sakabehane jenis mata pelajaran.
Waosipun ugi bahan ajar kangge sakabehane jenis mata pelajaran.
9. Lingkungan ( alam, sosial, senibudaya, teknik, industri, ekonomi)
Umpaminipun lingkungan alam, lingkungan social, lingkungan seni budaya, teknik, industri, lan lingkungan ekonomi saged didadosaken kangge sumber bahan ajar.
Umpaminipun lingkungan alam, lingkungan social, lingkungan seni budaya, teknik, industri, lan lingkungan ekonomi saged didadosaken kangge sumber bahan ajar.
BAB III
PANUTUP
1. Dudutan lan Pamrayogi
Supados ningkataken
ketrampilan nyimak Basa Jawi wonten lare SD ing kelas tinggi, kita kedah
maringi materi pambelajaran ingkang gampil dipunmangerteni dening para siswa.
Inggih menika langkahipun kaliyan maringi
3. Penutup
Basa lan budaya Jawi tetep ngrembaka lan lestari,
sauger masyarakat Jawi minangka ahli waris lan pengguna bahasa, rumaos
bombong, tresna lan remen ngginakaken kanthi sae lan leres. Mugi Gusti tansah
ngijabahi. Nuwun.
DAFTAR PUSTAKA
(Kamis, 4 September 2014; 09:34)
Aristha. 2011. Ketrampilan Menyimak. Diambil dari: http://aristhaserenade.blogspot.com/p/keterampilan-menyimak.html (4
September 2014)
(Kamis, 4 September 2014; 09:40)
0 komentar:
Posting Komentar