Sabtu, 11 Oktober 2014

Ningkataken Kaprigelan Pacaturan Basa Jawi Kanthi Cara Ingkang Kalangkung Pepak



 
MAKALAH

“Ningkataken Kaprigelan Pacaturan Basa Jawi
Kanthi Cara Ingkang Kalangkung Pepak”

BAB I
PURWAKA

A.    Lelandhesaning Masalah
Wonten ing jaman globalisasi punika, kathah pemuda ingkang mboten trampil anggenipun micara Basa Jawi. Masalah punika dipunsebabake amargi pemuda luwih kasengsem nyinauni basa manca kayata Basa Cina, Basa Inggris, Basa Perancis, Basa Jepang, Basa Korea, tinimbang basanipun piyambak. Pramila tambah dangu sekedhik sanget tiyang ingkang migunakake Basa Jawi minangka basa padinan.
Ing sajroning Basa Jawi ngandung budaya lan adat istiadat kang sae. Kayata unggah-ungguhing basa nalika micara kaliyan tiyang ingkang luwih sepah. Basa Jawi ngajaraken marang pamuda lan sadaya masyarakat babagan unggah-ungguhing basa, sopan santun marang sapada lan tiyang ingkang sepah.
Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. budaya adi luhur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan utaminipun micara Basa Jawi.

B.     Rumusan Masalah
1.      Punapa artosipun micara ?
2.      Punapa artosipun ningkataken kaprigelan pacaturan Basa Jawi ?
3.      Punapa mawon warna – warninipun unggah – ungguhing Basa Jawi?
4.      Punapa caranipun supadhos saged ningkataken kaprigelan pacaturan Basa Jawi ?
5.      Punapa paedahipun nalika kita saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae ?

C.    Tujuan Makalah
1.      Saged mengertosi artosipun micara
2.      Saged mangertosi artosipun ningkataken kaprigelan pacaturan Basa Jawi
3.      Saged mangertosi warna – warninipun unggah – ungguhing Basa Jawi
4.      Saged mangertosi caranipun supadhos saged ningkataken kaprigelan pacaturan Basa Jawi
5.      Saged mangertosi paedahipun nalika kita saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae
6.      Pamuda saged micara basa jawi kanthi sae lan  migunakaken basa jawi minangka basa padinan.
7.      Pamuda nggadahi unggah-ungguh ingkang sae.
8.      Pamuda ndherek nguri-uri budaya jawi.







BAB II
SURASA

A.    Artosipun Micara
1.      Micara inggih punika salah sawijining ketrampilan ngucapaken swara-swara artikulasi utawi tembung – tembung kagem ngaturaken pikiran, ide, gagasan, lan raosipun manah. (Tarigan, 1993 : 15).
2.         Miturut Tarigan, dkk (1997 : 13), micara inggih punika ketrampilan ngaturaken pesan / kabar liwat basa lisan dhumateng tiyang sanes.
3.         Mitutrut Wikipedia Indonesia, Micara inggih menika kapinteran manungsa kagem nyuwara lan mratelakake panemu saking pikirannipun.
4.         Micara inggih punika proses individu kagem rembagan kaliyan lingkungan masyarakat supadhos nepangaken piyambakipun minangka anggota masyarakat (http://makalahdanskripsi.blogspot.com/2009/03).
5.         Micara inggih punika salah bawa ingkang dipunsinauni  wonten ing lingkungan kulawarga, tetangga lan lingkungan sanesipun ingkan wonten ing sakubenge papaan panggonan sakderenge mlebet sekolah.
Saengga saged dipunsimpulaken minangka micara inggih punika ketrampilan kagem ngaturaken pikiran, ide, gagasan, utawi kabar liwat basa lisan dhumateng tiyang sanes. Micara saged ngrembaka nalika dipunpraktekaken saben dinten. Nalika ketrampilan basa jawi dipun latih saben dinten pramila saged mundhak sae.

B.       Artosipun Ningkataken Kaprigelan Pacaturan Basa Jawi
Minggahaken Ketrampilan Micara Basa Jawi inggih menika usaha kagem minggahaken ketrampilan rembagan kaliyan tiyang sanes migunakake Basa Jawi. Nalika micara kaliyan tiyang sanes ugi wonten tatacaranipun. Tatacara niki asring kasebut “unggah – ungguh Basa Jawi.”

C.    Maneka Warna  Unggah – Ungguh Basa Jawa
Unggah – ungguhing Basa Jawa kaperang udakara dari 5 basa, yaiku :
1.      Basa Kasar
Katelah Basa Kasar amarga basa iki dipugunakake mligi dening wong kang lagi nesu, srengen, wong kang nembe padu lan sakpanunggalane.
Tuladha : Kira –kira yen ora jegos yo ora usah ditandhangi.
2.      Basa Ngoko
Basa Ngoko yaiku basa kang dipigunakake tanpa kecampuran utawa bebarengan karo basa krama, dene wujude ana 2 perangan, yaiku :
a.       Ngoko Lugu
Ngoko Lugu yaiku basa kang dipigunkake tanpa kecampuran tembung krama babar pisan. Biasa digunakake marang :
1)      Sapadha – padha kang wis akrab lan sakbarakan umure
2)      Marang wong kang kaprenah enom.
3)      Biasa digunakake dening bocah kang durung gadhuk pemikirane.
Tuladha : Kowe wingi ning endi, tak goleki kok ora ana.
b.      Ngoko Andhap
Ngoko Andhap yaiku basa ngoko kang kacampuran basa alus kang gunane kanggo ngajani kang diajak guneman. Basa iki biasa digunakake :
1)      Marang sapadha – padha kang kurang akrab
2)      Marang wong enom nanging kuwih dhuwur drajate
3)      Priyayi marang priyayi sing uwis akrab
4)      Bojone Priyayi marang sing lanang.
Tuladha : “Aku yak melu ya pak yen arep tindak mrana.”
3.      Basa Madya
Basa Madya yaiku basa kang kaanggo ing antarane basa ngoko lan basa krama, dene wujude tembung madya kang kaworan ngoko lan krama. Dene wujude bisa kaperang dadi 3, yaiku :
a.       Madya Ngoko
Wujude basa madya ngoko yaiku
1)      Tembung madya kang dhuweni ater – ater lan panambang ngoko
2)      Tembung ngoko
3)      Nyebut “dika” kanggo kowe, “samang” kanggo sampeyan
Lumrahe kanggo :
1)      Kanggo bakul padha bakul
2)      Priyayi marang andhahane
Tuladha : Dika sampun nedha dereng  ?
b.      Madyantara
Wujude Basa Madyantara yaiku
1)      Tembung madya kang dhuweni ater – ater lan panambang ngoko
2)      Tembung ngoko
3)      Katenger seka tembung “Keng Sliro.” Kanggo sampeyan.
Lumrahe kanggo :
1)      Para priyayi sing wos kulina
2)      Bojone priyayi marang bojone
3)      Priyayi marang sedulere kang kuwih tua nanging luwih cedhak pangkate.
Tuladha : Sampeyan yo sidho tilik mrono ?
c.       Madya Krama
Wujude Basa Madya Krama yaiku
1)      Tembung madya kang dhuweni ater – ater lan panambang ngoko
2)      Nganggo yembung krama la krama inggil.
3)      Nganggo sebutan sampeyan kanggo kowe.
Lumrahe kanggo :
1)      Podho dhene priyayine lan padha kulinane
2)      Bojon priyayi sing durung ngoko
Tuladha :  mugi pangeran tansah memayungi tondak sampeyan S
4.      Basa Krama
Basa Krama yaiku basa kang utamane dianggo kanggo ngajeni marang sing diajak guneman. Kaperang dadi 4 yaiku
a.       Kramantara
Basa Kramantara yaiku basa kang wujude basa krama kang lugu. Dene kanggone tumrap sapadha-padha utawi priyayi kang luwih dhuwur lan menang drajate karo sing diajak guneman.
Tuladha : Para tamu sampun sami kondur sedaya
b.      Mudha Krama
Mudha Krama yaiku basa kang wujude ngajeni sing diajak guneman, biasane tumrap wong enom marang wong kang luwih tuwa, batur menyang bendarane kang dudu darah luhur, utawa pegawai menyang pimpinane.
Tuladha : Nuwun sewu, estunipun panjenengan badhe ngersakaken menapa.
c.       Wredha Krama
Wredha Krama yaiku wujude basa kang ngajeni antarane wong tuwa marang wong kang kaprenah enom, lan bisa wong tuwa marang sapadha – padhane.
Tuladha : Monggo katuren pinarak, wong ketingale sampun sayah.
d.      Krama Inggil
Krama Inggil Inggil yaiku basa kang tujuwane kanggo ngajeni banget marang sing dijak guneman, meh padha karo basa Mudha Krama.
Dene wujude ana owah – owahaning panyebut kayata :
1)      / -mu / dadi / kagungan dalem /
2)      / aku / dadi / abdi dalem kawula / abdi dalem / adalem / dalem / kawula /
3)      / kowe / dadi / panjengan dalem / utawa / sampeyan dalem / menawa marang ratu /
Tuladha : Kula wastani panjenengan dalem sampun tindak kantor
e.       Krama Desa
Basa Krama Desa yaiku basa krama sing digunakake dening para pawongan ing desa, tujuwane pengen ngurmati sing diajak guneman. Dene wujude ana tembung krama kang dikramakake meneh ana uga kang nganggo tembung Krama Inggil utawa malah nganggo Basa Kawi.
Tuladha : Ibu mboten teng griya sek kesah dumateng Bajul Kesupen
5.      Kedhaton
Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentono lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsane Ratu.
Tuladha : Jengandika punapi sampun mangertos pawartos puniki ?

D.    Caranipun Supadhos Saged Ningkataken Kaprigelan Pacaturan Basa Jawi
Supadhos saged ningkataken kaprigelan pacaturan Basa Jawi wonten sawetara cara ingkang saged dipunlampahi :
1.    Migunakaken tembung – tembung kang kathah utawi mboten langsung
Tuladhane nalika kita arep nyebut tembung kuda utawa jaran marang wong kang luwih tuwa, kita mboten saged nyebut basa kramanipun jaran, saengga kita migunakake tembung – tembung kang kathah kagem nyebutake ciri – cirinipun jaran, kayata gadhah sikil sekawan, buntut, nedha suket, biyasanipun dipungunakake kagem dhokar utawi andhong.

2.    Migunakaken tembung – tembung ingkang umum utawi sampun biasa
Nalika kita guneman kaliyan rencang utawi tiyang sanes, sasagedipun migunakake tembung – tembung ingkang sampun umum lan sampun biasa dipunagem. Kayata nalika kita badhe nyebut tiyang sanes ingkang raket kita bisa nyebut “rencang” utawi “kanca”, ampun nyebut ngagem tembung “bathir”, amargi tembung bathir mboten pathoso dipun ngertosi tiyang. Saksanesipun nalika kita nyebut tembung “rencang” utawi “kanca” kathah tiyang ingkang mangertosi artinipun.

3.    Migunakaken ekspresi utawi alih kode
Ekspresi utawi alih kode saged mbantu nalika kita badhe nyebut sawijining tembung. Tuladhanipun inggih menika nalika kita mangertosi punapa aranipun sawijining barang, kita saged nunjuk barang kasebut. Saengga tiyang ingkang dipunajak guneman saged mangertosi punapa ingkang badhe kita aturaken.

4.      Dinten Basa Jawi
Dinten Basa Jawi artosipun inggih punika netepaken salah satunggaling dinten pramila wonten ing dinten punika nalika kita rerembagan kaliyan rencang, seherek, bapak, ibu, kaliyan tiyang sanes migunakake Basa Jawi. Sakdherengipun sampun dipunsosialisasikake bilih nalika dinten Kamis saksagedipun migunakake Basa Jawi kagem sesrawungan kaliyan tiyang sanes.

5.      Pambiyasaan micara migunakake Basa Jawi
Pambiasaan iki mujudake nalika kita rermbagan kaliyan tiyang sanes, utaminipun nalika wonten ing lingkungan informal sasagedipun micara migunakake Basa Jawi. Lingkungan informal menika kayata wonten ing lingkungan kulawarga utawi lingkungan pasrawungan kaliyan rencang. Wiwitanipun mboten punapa menawi migunakaken Basa Jawa ngoko, ananging nambah dinten kalih latian migunakake basa krama utawi basa kang luwih alus. Nalika kita sampun asring migunakake Basa Jawi, muga – muga kaprigelan pacaturan migunakake Basa Jawi saged nambah sae.


E.     Paedahipun nalika kita saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae
Micara migunakaken Basa Jawi satenanipun mboten gampil, kathah tembung – tembung ingkang mboten gampil kagem dipunaturaken. Kedhah dilatih saben dinten lan dhados kebiyasaan. Micara saged ngrembaka nalika dipunpraktekake. Nalika ketrampilan micara basa jawi dipunlatih saben dinten pramila saged mundhak sae.
Dene paedahipun nalika kita saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae inggih punika kita dipun anggep nggadhahi tata krama ingkang sae. Tata krama menika mujudake ajining diri. Kathah tiyang ingkang nganggep menawi tiyang ingkang saged micara migunakake unggah – ungguh basa inggih punika tiyang ingkang nggadhahi sopan santun lan ngajeni dhumatheng tiyang sanes.
Nalika kita saged micara Basa Jawi, kita ugi tumut nguri – nguri Budaya Jawi ingkang sampun saya ical, utaminipun kaprigelan pacaturan migunakake Basa Jawi. Kita mangertosi sedaya menawi wonten ing jaman globalisasi punika, kathah pemuda ingkang mboten trampil anggenipun micara Basa Jawi.
Masalah punika dipunsebabake amargi pemuda luwih kasengsem nyinauni basa manca kayata basa cina, basa inggris, basa perancis, basa jepang, basa korea, tinimbang basanipun piyambak. Pramila tambah dangu sekedhik sanget tiyang ingkang migunakake basa jawi minangka basa padinan. Saengga, nalika kita saged micara Basa Jawi kanthi sae ateges kita ugi nguri – nguri Budaya Jawi.




BAB III
PANUTUP


A.    Simpulan
1.      Micara inggih punika ketrampilan kagem ngaturaken pikiran, ide, gagasan, utawi kabar liwat basa lisan dhumateng tiyang sanes.
2.      Minggahaken Ketrampilan Micara Basa Jawi inggih menika usaha kagem minggahaken ketrampilan rembagan kaliyan tiyang sanes migunakake Basa Jawi.
3.      Unggah – ungguhing Basa Jawa kaperang udakara dari 5 basa yaiku Basa Kasar, Basa Ngoko, Basa Madya, Basa Krama  lan Kedhaton.
4.      Caranipun supadhos saged ningkataken kaprigelan pacaturan micara Basa Jawi inggih punika migunakaken tembung – tembung kang kathah utawi mboten langsung ; migunakaken tembung – tembung ingkang umum utawi sampun biasa ; migunakaken ekspresi utawi alih kode ; Dinten Basa Jawi ; lan uga pambiyasaan micara migunakake Basa Jawi.
5.      Paedahipun nalika kita saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae inggih punika kita dipun anggep nggadhahi tata krama ingkang sae. Tata krama menika mujudake ajining diri. Kathah tiyang ingkang nganggep menawi tiyang ingkang saged micara migunakake unggah – ungguh basa inggih punika tiyang ingkang nggadhahi sopan santun lan ngajeni dhumatheng tiyang sanes.

B.       Urun Rembug
Sasagedipun wiwit alit kita sampun biyasa migunakake Basa Jawi kagem basa paadinan. Saengga kita saged trampil pramila migunakake Basa Jawi. Ingkang kaping kalih inggih  punika dipunsosialisasikaken menawi dinten Kamis Dinten Basa Jawi dipuntetepaken minangka wonten ing dinten punika nalika kita rerembagan kaliyan rencang, seherek, bapak, ibu, kaliyan tiyang sanes migunakake Basa Jawi.
DAFTAR PUSTAKA












0 komentar:

Posting Komentar

 
;