Sabtu, 11 Oktober 2014

Ningkataken Nyimak Basa Jawi Ing Tingkat Ngandhap




MAKALAH
NINGKATAKEN NYIMAK BASA JAWI ING TINGKAT NGANDHAP


BAB I
PURWAKA
A.   LELANDHASANING PERKARA
Basa nggadahi peran ingkang wigatos ing perkembangan intelektual,sosial,lan emosional murid.Pendidikan bahasa jawa saged  mbiyantu murid ngangge unggah-ungguh basa jawa ingkang sae lan leres ing lingkungan padianan. Pendidikan bahasa jawa dipunarahaken supados murid saged nerapaken unggah-ungguh basa jawa ingkang trep ing lisan lan tulisan.Sarta saged numbuhaken apresiasi sastra jawa.Ing pendidikan bahasa jawa wonten 4 ketrampilan inggih menika nyimak,micara,maos lan nulis.
Saking 4 babagan menika nyimak inggih menika babagan ingkang dasar manungsa wonten ing komunikasi.Babagan menika sami kalian Tomkins dan Hoskinson ingkang ngendika menawi kita gunakaken wekdal komunikasi 50% kagem nyimak lan 50% kagem ngendika,maos,lan nyerat(Gail E.Tomkins lan K.Hoskinson, 1991:121).Golmen ngendika menawi Departemen tenaga kerja Amerika Serikat menaksir saking sedaya wekdal ingkang dipunsediakaken  kagem komunikasi,22% dipungunakaken kagem nyerat, 23% kagem ngendika, lan 55% kagem nyimak (Golmen,2001:224).Saking babagan ing nginggil nunjukaken menawi wekdal kagem nyimak  langkung kathah saking wekdal kagem ngendika,maos lan nyerat.
Kahanan pasianonan kompetensi nyimak ingkang kadadosan wonten ing sekolah dasar sampun mrihatinaken,khususipun kelas ngandhap.Amarga mboten efektifipun pelajaran nyimak dipunjalari dening mboten optimalipun pemberdayaan sumber pasianonan uatawa sistemipun.Kapisan,materi nyimak presentasinipun mboten pas inggih menika kirang saking 10%,dipuntambah guru mboten ngawontenaken nyimak kanthi alasan ngrepotaken.Kaping kalih,guru mboten nyiapaken materi ingkang saged narik,monoton,lan langkung bosen lan  sering dados puasat pasinaonan.Amarga saking menika,murid dados mboten semangat sinau.Katiga bahan lan piranti pasinaonan ingkang dipungunakaken mboten variatif.Kapapat,metode utawa teknik pasinaonan ingkang dipunterapaken taksih konvensional.Kalima,lingkungan ing sekolah dereng dipungunakaken dados sumber pasinonan.
Pinten-pinten sumber sinau utawi sistem pasinonan ingkang kirang dipunberdayaaaken kasebat saged ndadosaken murid dados angel rikala pelajaran,  ageng sanget kemungkinanipun gagal.Amargi saking menika,kedah wonten pemecahanipun perkara utawi mangertosi caranipun supados murid saged mangertosi lan paham kanthi leres informasi utawa materi ingkang dipunsampekaken dening guru utawa murid sanesipun.
Pangertosan kawruh mboten kedah sarta merta langsung saged dipunpahami lan dipuneling kalian murid.Nanging,murid kedah saged ngonsrtuksikaken kawruh langkung rumiyin lan maringi teges saking  pengalaman nyata.


Filosofi pendhidhikan mutakhir inggih menika ingkang nggadahi pandangan menawi sedaya murid nggadahi kawruh babgan lingkungan lan prastawa sekitaripun.
Siswa ingkang kagungan ilmu perlu dipununggahaken kemampuanipun nyimak satemah saged nderek materi maos,ngendika,lan nyerat kanthi sae.Wonten ing perkara dipununggahaken kemampuanipun nyimak siswa kanthi maksimal dipunperlukaken model piwulangan ingkang pas.Siswa dados remen lan semangat wonten ing sinau ,amargi materi piwulangan ingkang dipunaturaken menarik lan kontekstual,sumber lan media piwulangan ingkang variatif.Saking menika,paradigama guru dados pusatipun piwulangan sampun sakjatosipun dipungantos dados siswa ingkang dados pusat piwulangan.  
B.     UNDHARANING PERKAWIS
1.      Apa hakikat nyiamak menika?
2.      Apa pangertosan saking nyimak menika?
3.      Menapa ancasipun saking nyimak?
4.      Kepripun caranipun ningkataken kemampuan nyimak?
C.TUJUAN
       Ancasan saking panyeratan makalah menika inggih menika kagem ningkataken kemampuan nyimak wonten ing piwulangan bahasa jawi ing kelas ngandap.
D.MANFAAT
       Penyeratan makalah menika dipunharapaken saged maringi manfaat kanthi praktis wonten ing dunia pendhidhikan ing sekolah kagem nemokaken sistem sinau ingkang efektif lan pas saking metode konstruktivisme.Uga saking menika  wonten ing piwulangan bahasa jaw ingkang dipunajeng-ajengaken saged ningkataken potensi lan kemampuan siswa wonten ing nyimakbahsa jawa, terpraktis utami kagem guru wonten ing sekolah supados saged nggunakaken kanthi optimal lan variatif nggunakake sumber piwulangan kanthi piwulangan nyimak.












BAB II
ANDHARAN
A.    HAKIKAT NYIMAK
Nyimak inggih menika proses kegatan nyimak lambang-lambang lisan kanthi penuh perhatian,pemahaman,apresiasi sarta interpretasi kagem angsal informasi,angsal isi utawi pesen sarta mahami teges komunikasi ingkang sampun dipunsampekaken dening pembicara saking tembung lisan.
 Nyimak gadhah sinabungan kalian  midanget lan midangetaken,Sunyantoro lan Hartono(2003:1-2)  menawi midanget inggih menika prastawa dipunangsali rangsang swara dening talingan ingkang kadadosan ing wekdal kita kanthi sadar kalian kawontenanipun rangsang menika,minangka midangetaken inggih menika kegiatan midanget ingkang dipunlakokaken kanthi sengaja, penuh perhatian kalian napa ingkang dipunmidanget,nalika nyimak pangertosanipun sami kalian midangetaken nanging nyimak intensitas perhatianipuni kalian napa ingkang dipunsimak langkung dipuntekanaken.
B.     PANGERTOSAN NYIMAK
Pinten-pinten pangertosan nyimak saking pendapatipun para ahli
a.       Tarigan(1994:28) ngendika menawi nyimak yaiku salah satunggaling proses kegiatan  midangetaken lambang lisan kalian penuh informasi,angsl isi utawi pesen sarta mahami teges komunikasi ingkang sampun dipunsampekaken dening pamicara saking ujaran utawa bahasa lisan.
b.      Anderson(ing Tarigan 1994:28) nyimak inggih menika proses ageng midangetaken,ngenal,sarta intrepretasikaken lambang-lambang lisan.Nyimak saged uga nggadahi teges penuh pamahaman lan  perhatian sarta apresiasi(Russel & Russel;Anderson ing Tar4:28
c.       Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia,nyimak(midangetake,mperhatikaken) nggadahi teges saged nangkep swara kalian talingan.Sadar napa mboten,minangka wonten swara  piranti talingan kita badhe nangkep swara-swara menika.Kita midangetakn swara menika,tanpa unsur dipunsengaja.Proses midangetaken kadados tanpa rencana nanging datheng kanthi kebetulan.Swara-swara ingkang datheng ing talingat menika mungkin narik  ,mungkin uga mboten.Midangetaken utawi nyimak inggih menika proses angsal pesan utawi gagasan ingkang dipunsajikaken liwat pangandikan.
d.       Russel, Nyimak nggadahi teges midangetaken kanthi penuh pamahaman lan perhatian sarta apesiasi.(Russel 1959)
e.       Akhadiah (ing Sutari,dkk.1998:19) inggih menika proses ingkang ncangkup kegiatan midangetaken swara bahasa, ngidentifikasikaken, interpretasikaken   lan maringi reaksi saking teges ingkang kakandut ing lebetipun.Kemampuan nyimak saged dipuntegesaken uga dados koordinasi komponen-komponen kemampuan saking kemampuan persepsi,nganalisis, lan nyintesis.



C.     JENIS-JENIS NYIMAK
A.    Nyimak Saking Sumber Swara
1)       Nyimak kepribadian
Sumber swara ingkang dipunsimak saged saking piyambak.Menika kadadosan rikala kita piyambakan mikiraken nasibipun piyambak,nyeseli pendamelan piyambak utawi tembung-tembung saking piyambak.
2)      Nyimak antarpribadi
Sumber swara ingkang dipunsimak saged uga saking njawi.Nyimak ingkang kados menika ingkang langkung kathah kita lakokaken.
B.     Nyimak Saking Bahan Simakan
Saking garis ageng Tarigan (1983;22) mbagi nyimak dados kalih inggih menika:
1)      Nyimak ekstensif
Nyimak ekstensif inggih menika proses nyimak ingkang dipunlakokaken ing sedinten-dinten.Nyimak menika mboten kedah mahami isi bahan simakan.Nanging mung mahami ingkang wigatos.Jenis nyimak ekstensif wonten sekawan:
1.      Nyimak sekunder
Nyimak sekunder inggih menika sajsnis midanget ingkang dipunlakokaken kanthi kebetulan, tegesipun nyimak dipunlakokaken kalian ngerjakaken samubarang.
2.      Nyimak estetik
Nyimak estetik inggih menika nyimak kanthi tenenan pertunjukan.
3.      Nyimak pasif
Nyimak pasif inggih menika panyerapan bahasa tanpa uupaya ingkang sadar ingkang biasa nandakaken upaya nyimak.
4.      Nyimak sosial
Nyimak menika dipunlakokaken kanthi kahanan sosial.
2)      Nyimak Intensif
Nyimak intensif inggih menika kegiatan nyimak kanthi penuh perhatian, ketentuan lan katelitian.Jenis nyiamak antawisipun inggih menika dipunbagi dados pinten-pinten jenis,inggih menika:
1.      Nyimak kritis
Nyimak kanthi cara menika nggadahi ancasan kagem angsal fakta ingkang dipunperlokaken.
2.      Nyimak introgratif
Nyimak introgratif inggih menika kegiatan nyimak ingkang nuntut konsentrasi lan selektivitas.
3.      Nyimak EkploratoriNyimak eksploratori inggih menika sajenis nyimak kagem ancasan nemokake samubarang enggal ingkang menarik,informasi tambahan babgan  samubarang topik lan isu.
4.      Nyimak kreatif
Nyimak kreatif ngadahi sesambungan ageng kalian imajinasi satunggaling tiyang

5.      Nyimak konsentratif
Nyimak konsentratif inggih menka kaegiatan ngundharaken pangandikan  utawi babagan ingkang dipunsimak.
6.      Nyimak selektif
Ktivitas menika Nyimak selektif inggih menika kegiatan nyimak ingkang dipunlaokakaken kagem nampung aspirasi saking pambicara  kanthi milih lan mbandingaken kasil simakan kanthi babgab ingkang relevan.
C.     Nyimak Dipunlandasaken Ing Titik Paningal Aktivitas Penyimak
Tidyman lan Butterfield ngklasifikasikaken nyimak dipunlandasaken  ing titik paningal aktivitas penyiamak saged dipunklasifkasikaen:
1.      Kegiatan nyimak ing tarap ngandap
Kegiatan nyimak ing tarap ngandhap kayata penyimak enggal ngantos ingkegitan maringi dorongan,perhatian, lan nunjang pangandikan.Biasanipun aktifativitas menika sifatipun nonverbal.
2.      Kegiatan nyimak ing tarap inggil
Aktivitas nyimak ingkang tarap inggil,panyimak sampun saged ngandharaken malih isi bahan simakan.Andharan malih isi bahan simakan nandakaken menawi panyimak sampun mahami isi bahan simakan.
D.   UNSUR-UNSUR MENYIMAK
Unsur-unsur dhasar menyimak kalebu saking:
ü Pembicara
Ingkang dimaksud pembicara yaiku tiyang ingkang ngirimake pesen ingkang awujud informasi ingkang di butuhaken dening penyimak. Ing sawijining komunikasi lisan, pembicara iku minangka narasumber, yen lawan dhiskusi iku penyimak.
Ing sawijining aktivitas, penyimak kerep nglakoni aktivitas nulis kaliyan nyatet hal-hal penting sak ngrungokake aktivitas. Fungsi catetan punika:
a.       Meninjau malih materi simakan (Review).
b.      Nganalisa materi simakan.
c.       Ngevaluasi materi simakan.
ü Penyimak
Penyimak ingkang becik punika penyimak ingkang duweni kawruh lan pengalaman akeh lan nyebar. Kamidjan (2001: 6) nyariosaken yen penyimak ingkang becik iku penyimak kang kagungan kalih sikap, yaiku sikap objektif lan sikap koorperatif.
a)        Sikap Objektif
Ingkang dimaksud dening sikap objektif punika tampilan saking materi simakan penyimak. Penyimak luwih becik ora gampang kena pengaruh saking njaba aktivitas menyimak.
b)        Sikap Koorperatif
Sikap Koorperatif punika sikap ingkang siap kangge kerjo bareng kaliyan pembicara kangge suksesipun komunikasi.


ü  Materi Simakan
Materi simakan punika unsur penting ing sawijining komunikasi lisan, utamane ing sawijining aktivitas menyimak. Materi simakan punika pesen ingkang dipun aturake dening pembicara menyang penyimak. Materi simakan iku bisa awujud konsep, gagasan, utawa informasi. Yen pembicara ora bisa ngirim bahan simakan ingkang becik, pesen iku ora bisa diserap dening penyimak lan bakal kasil kegagalanipun ing sawijining komunikasi. Supaya ora gagal, kudu di kaji malih materi simakan kaliyan cara ing ngisor iki:
a)        Nyimak Tujuan Pembicara.
b)        Nyimak Urutaning Dhiskusi.
c)        Nyimak Topik Utama Dhiskusi.
d)       Nyimak Topik Ngisoran.
e)        Nyimak Pungkasaning Pembicaraan.

E.      CARA NINGKATKE KETERAMPILAN MENYIMAK
Ana sangang cara kanggo nambah keterampilan menyimak ing Tarigann miturut Webb (1993: 78), antarane:
(1) Ngerti tujuan saka pembicara.
(2) Ngindari klise sembrono.
(3) Ngerti apa maksud sampeyan ngrungokake.
(4) Nyuda makna saka prabédan ing basa.
(5) Ngenali serat panjenengan.
(6) Ngenali serat pembicara.
(7) Nliti bukti saka pembicara.
(8) Nyimak nganti rampung.
(9) Nggunakake wektu luang.
F.      PILIHAN BAHAN ING PIWULANGAN MENYIMAK
Piwulangan menyimak kudu di rancang kaliyan materi ingkang menarik lan cedhak kaliyan kabutuhan siswa. Subyantoro lan Hartono (2003: 5-7 ing Pangesti 2006), ana sawetara iku kanggo nimbang yaiku:
(1)   Jembaripun bahan ajar.
(2)   Watesan wektu.
(3)   Bentenipun karakteristik siswa.
(4)   Perkembangan ilmu, teknologi, lan seni.
Tarigan (1994: 191), nyebutake ana sawetara butir-butir pokok ingkang wonten kaitane dening upaya kangge damel materi simakan bisa menarik. Butir-butir pokok ingkang di maksud, antarane:
1.      Tema ingkang up to date.
2.      Tema fokus lan prasaja.
3.      Tema bisa nambah kanggo pengalaman lan pangerten.
4.      Tema duweni sifat sugestif lan evaluatif.
5.      Tema duweni sfat motivatif.
6.      Pembicaraane kudu bisa nglipur.
7.      Basane prasaja lan gampang di mangertos.
8.      Kudu duweni sifat dialog ora duolog.
G.     TUJUAN NYIMAK
1.    Angsal fakta 
Kegiatan ngempalaken fakta utawi informasi saking nyimak saged sking wujud sedaya variasi.Kegiatan pengempalan fakta informasi menika ing kalangan murid lan mahasiswa kathah sanget dipunlakokaken saking nyimak.Fkta dipunangsal saking kegitan nyimak menika selajengipun dipunjangkepi kalian kegiatan maos utawi damel eksperimen.
2.    Nganalisis fakta
Fakta utawi nformasi ingkang sampun dipunkempalaken kedah dipunundharaken.Kedah jelas kaitanipun kalian unsur fakta,amargi akibat napa ingkang dipunkandhut ing njawinipun.Napa ingkang dipunsampekaken pambicara kedah dipunkaitaken kalian kawruh utawa pengalaman nyimak ing bidang ingkang relevan.
3.      Ngevaluasi fakta
Ancasan katiga ing proses nyimak inggih menika ngevaluasi fakta-fakta ingkang dIpunsampekaken pambicara.Menawi fakta ingkang dipunsampekaken pambicara sami kalian kenyataan,pengalaman, lan kawruh panyimak fakta menika saged dipunterima.
4.      Angsal inspirasi
Wonten rikala tiyang ngrawuhi  ilmiah utawi adicara tertemtu, mboten kagem mados fakta.Tiyang menika nyimak kagem angsal ilham.Panyimak samenika biasanipun tiyang ingkang mboten merlokaken fakta enggal.Ingkang dipunperlokaen inggih menika sugeti,dorongan,suntikan,semangat,utawi inspirasi kagem mecahaken perkawis ingkang saweg dipunadhepi.
5.      Ngibur diri
Pinten-pinten panyimak rawuh ngadiri pertunjukan kagem ngibur dirinipun.Tiyang menika yaiku tiyang-tiyang ingkang sampun jenuh.Tiyang menika merlukaken penyegaran fisik lan mental supados kahananipun pulih.Amrga sking menika tiyang menika nyimak kagem ngibur diri.
6.      Ningkataken Kemampsan nyimak
Ancasan nyimak sanesipun inggih menika kagem ningkataken ketrampila micara.Ing babgan menika biasanipun panyimak merhatikaken satunggaling pambicara ing segi:
a.       Cara nyamekaken bahan pangandikan
b.      Cara ngarahaken perhatian panyimak
c.       Cara migunakaken piranti-piranti
d.      Cara ngorganisasikaken bahan pangandikan
Miturut Logan(ing tarigan 1994:56) ancasan nyimak kathah ragamipun antawisipun:
1.      Nyimak kagem sinau inggih menika nyimak kanthi ancasan utami supados angsal kawruh saking bahn pangandikan pambicara.
2.      Nyimak kagem angsal kaendahan audial inggih menika nyimak kanthi panekanan ing penikmatan ing samubarang nyimak ingkang dipunujaraken utawi ingkang dipunmidangetaken.
3.      Nyimak kagem ngevaluasi inggih menika nyimak kanthi ancas supados panyimak saged nilai napa-napa ingkang dipunsimak meupadnika
4.      Nyimak kagem ngapresiasi  inggih menika nyimak kanthi ancas supados panyimak saged nikamti sarta ngargani menapa inkang dipunsimak.
5.      Nyimak kagem komunkasi ide-ide piyambak inggih nyimak kanthi teges lan ancas supados panyimak saged ngkomunikasikaken ide-ide,gagasan lan raosan kagem tiyang sanes kanthi lancar lan lerse.
6.      Nyimak kagem mbentenaken swara-swara inggih menika nyimak kanthi teges lan  ancas supados  panyimak saged mbentenaken swara-swara kanthi lerse lan saged mbentenakaen teges saking swara-swara menika.
7.      Nyimak kagem mecahaken perkawis kanthi kreatif lan analisis amarga saking pambicara angsal kathah saran ingkana sae.
8.      Nyimak kagem ngyakinaken inggih menika kagem ngyakinaken piyambakipun kagem samubarang perawis utawi pangasalan iifngkang samenika dipunragukaken dening panyimak kalian ukara sanes tiyang menika kanthi persuasif.
















BAB III
          PANUTUP
A.DUDUTAN
            Dados,dudutan nyimak inggih menika proses kegiatan midangetaken swara inggih menika swara nonbasa lan swara basa kanthi penuh pangertosan,perhatian,apresiasi,sarta interpretasi kalian migunakaken aktivitas talingan kagem nangkep pesen ingkang dipunmidangetaken kagem angsal informasi lan mahami isi ingkang dipunsampekaken swara kasebat.Ancasan utami saking nyimak inggih menika nangkep,mahami, utawi merhatikaken pesen,ide,gagasan ingkang tersirat ing basa simakan. Saka penjelasan ing ndhuwur, bisa di simpulake yen bahan piwulangan nyimak ingkang paling penting iku menarik. Yen bahane bisa kawigaten perhatianipun siswa banjur piwulangan menyimak bakal kasil. Guru kudu bisa milih bahan kangge piwulangan menyimak ingkang cocok supados piwulangan menyimak saged kawigaten perhatianipun siswa
B.SARAN
1.  Kita ingkang dados generasi penerus kita kedah saged nguri-uri budaya kita ingkang wigatos babagan basa jawi.Ing gesang dinten-dinten kedah migunaken unggah-ungguh basa jawi ingkang trep.
2. Dipunajeng-ajengaken tiyang ingkang maos saged ngertos hakikat nyimak,pangertosan nyimak,lan ingkang wigatos caranipun ningkataken nyimak basa jawa.













DAFTAR PUSTAKA
http://ezyzurriyati.blogspot.com/2014/03/hakikat-menyimak-pengertian-menyimak.html

0 komentar:

Posting Komentar

 
;