Sabtu, 11 Oktober 2014

Ningkataken Keterampilan Micara Basa Jawi Kangge Kelas Inggil




MAKALAH

NINGKATAKEN KETERAMPILAN MICARA BASA JAWI
KANGGE KELAS INGGIL




BAB I
PURWAKA


1.1  Lelandhasaning Perkawis
                 Micara puika satunggaling kagiyatan ingkang penting kangge komunikasi, amargi kanthi kagiyatan micara punika kitha sedaya saget mangertosi punapa ingkang dipun ngendikaaken tiyang.
                   Basa Jawi punika ugi salah satunggaling basa ingkang sanget penting, khususipun dhateng tiyang jawi lan umumipun dhateng warga masyarakat Indonesia. Micara ing pamulangan basa punika kalebet materi ingkang boten gampil, napa malih kangge siswa SD. Mula wonten ing makalah punika badhe dipunjelasake metode kangge ningkatake keterampilan basa jawi siswa SD.

1.2  Undharaning Perkawis
                   Ingkang dados perkawis sesampunipun maos lelandhasaning perkawis ing nginggil inggih punika:
a.    Punapa ingkang dipun sebat keterampilan micara punika, napa manfaat lan jinisipun micara?
b.    Napa metode ingkang tepat kangge ningkataken keterampilan micara basa jawi siswa SD?

1.3  Tujuan
Ingkang dados tujuan pendamelan makalah punika yaiku:
a.    Saged medharaken punapa keterampilan micara punika, manfaat lan jinisipun.
b.    Metode kasebut saged nglatih siswa kulina micara ngangge basa jawi.





BAB II
ANDHARAN


2.1  Hakikatipun Micara
                        Micara inggih punika kagiyatan kangge njlentrehaken pendapat, gagasan lan rasa dhateng tiyang punapa kelompok. Moris ing Novia (2002) ngendikaaken bilih micara punika satunggaling alat komunikasi ingkang alami kangge ngungkapaken gagasan lan satunggaling wujud tindak – tumindak sosial. Micara punika nduweni manfaat, manfaatipun yaiku:
1.    Saget kangge komunikasi saben dinten kanthi micara basa jawi laras saha leres.
2.    Dados unggah - ungguh menawi badhe matur tiyang enem dhumateng tiyang sepuh.
3.    Saget dados tuladha ingkang sae wonten ing masyarakat khususipun masyarakat  tanah jawi.
       Sanesipun manfaat, micara ugi gadhah jenis – jenise. Yaiku:
1.    Micara Informal
Micara informal inggih punika wedharing gagasan kanthi lisan ingkang boten kaiket dening paugeran, boten winatesan swasana, mardika/bebas, topik bebas, sakersanipun, boten kedah runtut, sakersanipun ingkang micara. Tuladha: micara wekdal siswa sami dolanan piyambak, mantuk sekolah sinambi ngobrol, eyel-eyelan, lsp.
2.    Micara Formal
Micara formal inggih punika mahyakaken gagasan kanthi lisan ing swasana tartamtu, bab ingkang gumathok, tujuan ingkang tinamtu, dipunbiji (boten kedah biji ing kelas).  Upaminipun: sesorah, pranata adicara.
3.    TakenTinaken
Taken - tinaken saged dumadi ing pacelathon padintenan, ugi wonten ing salabeting kelas. Taken-tinaken ing padintenan limrahipun boten dipunrantam, bebas/mardika, saged dumadi nalika lare nembe dedolanan, pitepangan, taken satunggaling papan, lsp. Taken-tinaken ing salebeting kelas magepokan kaliyan pamulangan (interaksi). Kelas ingkang sae yaiku kathah siswa taken-tinaken. Taken-tinaken ndudut raos kepengin mangertos, mbudidaya nambah ilmu, nuwuhaken kekendelan, latihan micara runtut, cetha, prasaja, gampil dipunmangertosi kanca, lsp.
4.    Wawan Rembag
Wawan rembag punika pirembagan kanthi mardika/bebas. Wonten ing wawan rembag boten namung taken-tinaken, nanging ugi ngandharaken satunggaling prekawis, usul, mahyakaken gagasan, nyuwun pangertosan/andharan. Tibaning wawan rembag sakalangkung wiyar tinimbang taken-tinaken.
5.    Usul
Usul inggih punika ngajengaken satunggaling gagasan supados tiyang ingkang mirengaken utawi tiyang ingkang dipunusuli nampi, paring tetimbangan, nindakaken gagasan kalawau. Malah kepara wonten ingkang nduwa usul.
6.    Diskusi
Diskusi inggih punika pirembagan kangge ngrampungaken satunggaling prakawis.
7.    Kerja Kelompok
Menawi siswa dipunsukani tugas ngrampungaken satunggaling bab kanthi kelompok, mesthi para siswa micara. Wicaranipun trep kaliyan tugasipun, jumbuh kaliyan gagasan/pamanggihing klompok, micara ingkang gampil dipunmangertosi, prasaja, mentes (tumraping siswa), lsp.

2.2  Metode Role – Playing
                        Kalebet satunggaling pendidikan, pendidikan mboten namung sebatas kalih lingkup nasional kaliyan mata pelajaran umum, namung ugi diterapaken pendidikan muatan lokal. Saking pendidikan muatan lokal kita saget menehi bekal tumindak, pengetahuan, lan keterampilan ingkang dibutuhake tiapipun daerah. Salah sawijining pendidikan muatan lokal yaiku mata pelajaran basa jawi. Ing piwulangan basa khususipun basa jawi yaiku wonten 4 wernanipun keterampilan ingkang perlu diwulangaken, yaiku keterampilan nyimak, keterampilan micara, keterampilan maos, lan keterampilan nulis. Keterampilan bebasan yaiku kemampuanipun ingkang diperluaken kangge nyampeaken sawijining gagasan, pikiran, menawa prasaan tiyang supados saget dipahami kalih tiyang sanes. Rerata, seniki guru punika anggenipun mucal ingkang wonten kaitane kalih basa jawi khususipun tentang ketrampilan micara basa krama teksih nggunaaken metode konvensional utawi guru teksih ngagem metode umum anggenipun mucal, tuladhane metode sesorah, penugasan, lan taken – pitaken. Metode role playing utawi teng basa jawi disebat metode ingkang “mainaken peran” diraos pas kalih piwulangan ketrampilan micara amargi menuntut langkung siswa sianu micara kaliyan materi ingkang diwucalaken. Sanesipun ugi wonten nilai edukatif lan saget nglatih siswa kangge micara ing ngajeng kelas. Pas kalih pendapatipun Huda (2013:209), yaiku ing metode role playing siswa diperlakukan dados subjek piwulangan ingkang secara aktif nglakuaken praktek – praktek basa (taken lan mangsuli pitakonan) kaliyan rencang – rencange ing situasi tertentu. Mboten dipungkiraken kala dolanan kangge siswa SD yaiku hal ingkang menarik lan disenengi. Saking metode role playing siswa secara langsung ajeng berkomunikasi kalih basa jawi krama sanajan teksih sebatas ing peran tertentu. Kalih praktek langsung, siswa langkung paham kalih penggunaan basa krama lan tata cara nyampeaken ingkang berlaku wonten ing masyarakat.

BAB III
WASANA


3.1                Dudutan
                        Saking pamedharan ing nginggil saged kapundhut dudutan bilih micara punika kagiyatan kangge njlentrehaken pendapat, gagasan lan rasa dhateng tiyang punapa kelompok.
                        Manfaatipun ketrampilan micara khususipun micara basa jawi dhateng tiyang jawi inggih punika medharaken gagasan, ide, raos dhumateng tiyang sanes, supados tiyang punika saget mangertosi punapa ingkang kita wedaraken.

3.2    Saran
1.    Mahasiswa dipun biasakaken migunakaken basa jawi  saben dinten wonten ing papan lan tlatahipun.
2.    Mahasiswa PGSD UNNES sewajaripun saget micara basa jawi kanthi laras saha leres lan migunakaken unggah ungguh basa dhumateng sedaya dosen.














DAFTAR KAPUSTAKAN


Tarigan, djago dan henri Guntur Tarigan. 1990. Teknik pengajaran ketrampilan berbahasa.
           Bandung : Angkasa.
Tarigan, Henri Guntur.1984. membaca sebagai keterampilan berbahsa. Bandung: Angkasa.
Nur hadi. 1980. Bagaimana meningkatkan kemampuan berbicara. Bandung : Sinar Baru.
http://www.wikipedia.keterampilan.bahasa.jawa.html. Dikutip tanggal 5 September 2014.


0 komentar:

Posting Komentar

 
;