Kamis, 11 September 2014

Apresiasi Produktif Lagu Tembang Macapat Kalian Tembang Dolanan



MAKALAH

APRESIASI  PRODUKTIF LAGU TEMBANG MACAPAT KALIAN TEMBANG DOLANAN



 
BAB I
PURWAKA

A.    Latar Belakang
Macapat yaiku tembang utawi puisi jawa. Wonten stunggaling tembang kejawi macapat ingkang ugi kalebu dening sastra  jawi kang kawastanan dining tembang dolanan.  Wonten jaman sakniki kathah sanget tiyang ingkang mboten mangertosi kados menapa sejatine tembang-tembang menika.
Tembang mocopat menika satunggaling kawegigan ingkang dipunagul-agulaken,khususipun wonten tlatah jawa. Sampun dipun mangertosi mbok bilih macopat menika nggadahi kathah sanget pitutur ingkang kasirat wonten cakepan (syair) tembangipun. Sanadyan boten ing tlatah Jawi khususipun Ngayogyakarta utawi wonten daerah Surakarta menapa dene ing Jawa Tengah, kawigadosan ngenani mocopat menika ugi penting sanget kang kacandra nedahakan jati dirinipun tiyang Jawi.
Menawi tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra|gatra, guru lagu|guru lagu, guru wilangan|guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing.
Tembang macapat lan tembang dolanan menika ugi salah satunggaling pitutur ingkang penting sanget , khususipun dhateng tiyang jawi lan umumipun dhateng warga masyarakat Indonesia mbok bilih kita saged mangertosi sejatine tembang menika kepripun. Mocopat ing pamulangan basa menika kalebet materi ingkang boten gampil ginayuh. Mula wonten ing makalah menika badhe dipunmedharaken punapa gladhen tembang menika, ancasipun lan manfaatipun gladhen utawi apresiasi tembang mocopat lan tembang dolanan menika.




B.     Rumusan Masalah

Ingkang dados perkawis sesampunipun maos latar belakang ing nginggil inggih punika:
a.       Punapa ingkang dipun wastani dining  apresiasi tembang mocopat lan dolanan ?
b.      Punapa kemawon keprigelan ingkang kajangkep ing isinipun tembang ?
c.       Punapa ancas lan manfaatipun apresiasi tembang menika ?


C.    Tujuan
Ingkang dados tujuan pendamelan makalah punika yaiku:
a.       kanggo menehi gambaran tentang karya sastra tembang berserta kajiannya yaiku tembang macapat lan tembang dolanan.
b.      Saged medharaken punapa mangertosi sejatine tembang menika penting sanget.
c.       Saged medharaken punapa ancas lan manfaatipun mangertosi sejatine tembang menika dhaateng tiyang.
d.      Saged medharaken gegayutanipun kaprigelan tembang mocopat lan tembang dolanan.
e.       Kanggo memenuhi tugas Mata Kuliah Bahasa Jawa semester I tahun 2014










BAB II
PEMBAHASAN
A.    Hakikatipun Apresiasi Produktif
Apresiasi asalipun saking tembung appreciation ingkang tegesipun penghargaan, mbok bilih wonten Kamus Bahasa Indonesia tembung apresiasi tegesipun penilaian penghargaan dhumateng salah sawijining seni utawi kesadaran dumateng nilai seni.
Miturut Moha Junaedi (1988:1) apresiasi dipun fokusaken wonten kemampuan wicara, nglakoni, memahami, dan menikmati salah sakwijinig seni. Tembung apresiasi tegesipun pengertian, pengetahuan, penghargaan dumateng karya sastra khususipun seni.
            Menawi apresiasi produktif inggih menika pemahaman lan pemberian tanggapan kanthi tertulis dumateng salah sakwijinig karya.

B.     Tembang Macapat
1.      Pangertian
Tembung macapat asale saka tembung “ma + cepat” iku andasar yen maca utawa ngrungokake kepara rikat, ora nganggo “wiledan” utawa “eluk-eluking” swara kang njalari dadi lan suwene.
Tembang macapat iku salah sawijining tembang utawa puisi tradisional jawa kang olehe maca iku patanga wanda patang wanda. Tegese paling akeh diwaca patang wanda (suku kata), senajan ya ana sing diwaca rong wanda, telung wanda lan limang wanda. Namun ini bukan satu-satunya arti, penafsiran lainnya ada pula. 
Tembang macapat iku duwe pathokan yaiku :
1.      Guru lagu, tegese tibaning swara (vokal) kang pungkasan saben salarik
2.      Guru wilangan, tegese cacahing wanda saben salarik
3.      Guru gatra, tegese cacahing larik saben sapada tembang.




2.      Jenising Tembang Macapat
a.       Kinanthi                      6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
b.      Sinom                          9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
c.       Pangkur                       7 gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
d.      Dhandanggula             10 gatra: 12u, 6a, 8i, 12a
e.       Pucung                        7 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
f.       Mijil                             6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
g.      Durma                         7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
h.      Maskumambang          4 gatra : 12i, 6a, 8i, 8a
i.        Asmaradana                7 gatra : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
j.        Megatruh                     5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
k.      Gambuh                      5 gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

3.       Sasmita lan Wewatekane Tembang Macapat

No.
Arane Tembang
Sasmitane
Watake
1
Pucung
Pucung, kaluwak, wanda ‘cung’
Watake sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur
2
Maskumambang
Maskumambang, kampul, maskentir, kambang, kentir
Watake susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocog kanggo nelakake rasa kasedhihan kang ngenesake.
3
Megatruh
Dudukwuluh, truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh.
Watake sedhid lan kentekan pangarep-arep, mula lumrahe kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati.
4
Gambuh
Gambuh, buh, jumbuh, tambuh
Watake grapyak, sumanak, mula cocog kanggo nyritakake pitutur.
5
Mijil
Mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
Watake tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur, nasehat, lan uga crita katresnan utawa asmara.
6
Kinanthi
Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil
Watake seneng, tresna asih, mituturo, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.

7
Asmaradana
Asmaradana, asmara, brangta, kingkin, yungyun
Watake tresna asih lan sedhih, mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane.
8
Dhurma
Durma, dur, undur, sirna, galak
Watake galak, sereng, lan ngemu kanepson, mula cocog kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan paprangan
9
Pangkur
Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur
Watake sereng, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo nyritakake rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel, lan uga kahanan paprangan
10
Sinom
Sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata, pamase, logondhang, rema, pangrawit, mudha
Watake sabar, grapyak, lan sumanak, mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur
11
Dhandhanggula
Sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari, bremana, guladrawa, gagak, kaga, tresna
Watake luwes, kewes, lan ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, ing ngendi bae, lan kahanan apa bae.

4.      Filsafat Tembang Macapat
Tembang macapat menika nggambaraken sangkan paraning dumadi, nggambarake lelampahanipun manungsa titahing Gusti Allah, wiwik lahir ngantos ketimbalan dening Gusti (dipun pocong) tembangipun PUCUNG.
1.      Maskumambang:
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
2.      Mijil
Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3.      Sinom:
 Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa  ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4.       Kinanthi:
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5.       Asmarandana:
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6.      Gambuh:
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.



7.      Dhandhanggula:
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu dhandhanggula.
8.      Durma:                                                                                                                 
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9.      Pangkur:
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10.   Megatruh:
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11.   Pocung:
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

5.      Contoh Tembang Macapat
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk




Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara 

A.    Tembang Dolanan
1.      Pangertian
Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra|gatra, guru lagu|guru lagu, guru wilangan|guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.  Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
·    Gajah gajah
·    Gambang Suling
·    Gundhul Pacul
·    Jamuran
·    Jaranan
·    Kidang Talun
·    Kupu Kuwi
·    Lir Ilir
·    Menthok Menthok
·    Padhang Bulan
·    Pitik Tukung
·    Suwe Ora Jamu
2.      Contoh Tembang dolanan lan Apresiasine
a.      SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.

Makna ingkang tersirat wonten tembang dolanan “Sluku-sluku bathok” inggih punika nilai religius. Wonten cakepan (syair) menika tegesipun manungsa tansah ngresiki batosipun ug tansah eling marang gusti Allah kanthi (ela-elo) nolehaken sirahipun ngiwo lan nengen kanthi ngucapaken lafal laa illa ha illallah wonten nopo mawon keadaane (bungah utawi cuwa), wonten kalanipun nggadahi musibah utawi kenikmatan gesang ugi pejahipun manungsa wonten astanipun gusti Allah, kados mekaten mumpung taseh gesang ugi wilujeng monggo tumindak ingkang becik kalian sesami,ugi  beribadah dumteng gusti Allah SWT amargi gusti Allah Maha nopo kemawon, mbok menawi sampun kekarep dining patinipun manungsa,mboten wonten ingkang saged nolak nopo maleh nyegah.

b.      Ilir-Ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!

Wonten cakepan (syair) tembang dolanan ingkang dipun tetengeri Ilir-ilir nggadahi makna religius utawi keagamaan. Menawi tegesipun ingkang wonten tembang menika inggih punika kita dados umat manungsa dipun suwun tangi sangking keterpurukan kagem nambah kandelipun iman lan berjuang kagem nggadahi bebungah (kebahagiaan) sami kalian bebungahipun sarimbit pengantin anyar. “Cah angon, cah angon. Penekno blimbing kuwi” nggambaraken perintah salat kang lima waktu. “lunyu-lunyu penekna kangg mbasuh dodotiro” cakepan menika ateges supados kiat tetep usaha nindaaken Rukun Islam nopo kemawon alangan ugi resikonipun. Mbok bilih ibaratipun sandangan kita sampun bolon-bolong, ewasemana kita ingkang dados umat dipun gadang-gadang supados ndandani ugi ngandelake iman lan taqwa supados saged siap nekani panggilanipun Ilahi robbi.

c.       Padhang Bulan
Yo kanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé       
Ngélikaké aja padha turu sore

Wonten tembang dolanan padang bulan nggadahi makna religius (kagamaan). Maksudtipun sangking  tembang dolanan menika kita tansah syukur dumateng gusti ingkang  Maha Kuaos kagem menikmati indahipun alam menika. Kagem mujudaken raos syukur menika kita dipun gadang-gadang mboten sare sore-sore supados kita saged nindaaken kabecikan wonten wayah ndalu.

d.      Jaranan
Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher
Tembang dolanan jaranan sejatinipun namung dumadi sangking patang larik,larik sak sampunipun naming dipun bolan-baleni. Menawi dipun tingali sangking cakepanipun wonten  makna budi pekerti ingkang tersirat wonten tembang menika, inggih menika:
(1)   Kebersamaan
Wonten cakepan “ndara Bei sing ngiring para menteri”, teng mriku wonten raos kebersamaan dateng atasan kaliyan bawahan. Kebersamaan ingkang tansah sami-sami mbutohaken,sami-sami ngrewangi , tiyang ingkang nggadahi kedudukan luwih duwur mbutuhaken tiyang ingkang  berkedudukan luwih asor, mekaten ugi sak walike. Kedudukan ingkang duwur menika dipun gambaraken dening ndara Bei ingkang mbutuhaken kawalanipun sangking para menterinipun ingkang nggadahi kedudukan luwih asor.
(2)   Menghormati yang lebih tinggi kedudukannya
Budaya Jawi sampun ngajaraken menawi tiyang ingkang gadah kedudukan kang luwih asor kedah  menghormati tiyang ingkang nggadahi kedudukan luwih duwur. Menika ketawis sangking cakepan “sing numpak ndara Bei sing ngiring para menteri”. Wonten cakepan menika  ndara Bei ka anggep nggadahi kedudukan ingkang luwih duwur ketimbang mentrinipun, amargi sebutan  ndara Bei naung diagem kagem nyebutaken tiyang ingkang ngaadahi kedudukan kang duwur ugi keturunanipun ningrat. Nopo maleh dipun tunjang kalian tungganganipun sembrani ingkang duwur lan ageng kang kairingan kalian para mentrinipun. Kanthi mekaten, tugasipun para menteri inggih menika ngawal ndara Bei. Wonten mriki, sampun gambling menawi budi
pekerti ingkang kudu dipun tanamaken inggh menika sikap menghormati kaliyan tiyang ingkang luwih sepuh utawi ingkang luwih duwur kedudukanipun.
e.       MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok      
Ora nyambut gawe
Methok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu

Wonten  lirik tembang dolanan ‘Menthok-menthok’ ngadahi makna instropeksi kagem awake dewe. Kagem umat manungsa mboten angsal sombong, amargi sejatine ingkng wonten ndonya menika dipun ciptaaken gusti Allah kanthi ngadahi kekurangan ugi kelebihannipun. Luwih becik kita usaha lan makarya kagem nyukupi kebutuhan,mboten malas,mboten remen tilem,lan seneg tumindak kabecikan kaliyan sesami. Wonten cakepan tembang dolanan menika ingkang dipun gambaraken menthok, menawi menika pemalas, sifatipun jahat, ugi remen tilem, ewa semana tasih nggadahi sifat ingkang becik ugi migunani kagem tiyang sanes inggih menika saged adamel tiyang sanes seneng (ngguyu).

f.       GUNDUL-GUNDUL PACUL
Gundul-gundul pacul..cul, gemelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan

Sangking cakepan tembang dolanan Gundul-gundul Pacul nggambaraken lare ingkang gundul, nakal, bandel, angkuh, ugi mboten tanggung jawab. Ingkang mboten saged mbedaaken pundi ingkang becik pundi ingkang awon. Tiyang menika nggadahi pemikiran menawi piyambakipun tiyang ingkang paling bener, paling bisa, lan paling pinter,banjur piyambakipun  nggadahi solah ingkang gembelelengan, sombong, lan sak karepipun piyambak. Menawi dipun paring amanah kagem tiyang kathah,piyambakipun  tansah mboten nggaple.akibatipun sangking kesombongan lan keangkuhan menika kesejahteraan kaliyan keadilan ingkang semestine berhasil akhiripun dados rusak mboten karuan.sangking cakepan menika nggadahi makna mboten pareng sombong,wonten babagan menika ketawis menawi tiyang ingkang sombong,angkuh,ugi ceroboh bade mbeto kehancuran lan kegagalan,mekaten sangking menika menawi panjenengan dados pemimpin kang dipun paringi amanah kaliyan tanggung jawab kudu tansah ditindakaken kanthi sak sae-saenipun,supados mbeto kesejahteraan ugi keadilan tumrapipun harapan rakyat ingkang dipun pimpin.

g.      DHONDHONG APA SALAK
Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik

Wonten cakepan tembang dolanan menika kita dipun suguhi kalian kalih pilihan. Ibaratipun  kedondong ingkang njawinipun sae (alus) ananging isinipun kedondong menika kasar  ,sak walike salak ingkang njawinipun kasar isinipun alus. Wonten mriki kita dipun suguhaken dining kalih karakter,luwih becik tumindak ingkang becik lahir batosipun sami kaliyan who-wohan duku,ketimbang tumindak ingkang ketawis sae sangking njawi nanging benten kaliyan isinipun kang podo kaliyan woh-wohan kedondong. Mekaten sakwalikipun,luwih becknkita tumindak ingkang awon sangking njawi nanging asline becik solahipun sami kaliyan who-wohan salak. Tumindak nopo mawon kanthi sae lan mboten dados penggalihipun tiyang sanes lahir kaliyan batosipun. Menawi cakepan (syair) andhong apa mbecak, mlaku dimik-dimik nggadahi maksud milih salah setunggaling makna kang dipun maksud cakepan menika . Andong inggih menika salah setunggaling kendaraan angkutan kang nggunakaken kewan kagem penggerakipun, menawi becak inggih menika kendaraan angkut kang nggunakaken tenaginipun manungsa kagem penggerakipun.wonten cakepan menika nggadahi nilai budi pekerti kemandirian,kita mboten pareng nyusahaken tiyang sanes utawi mahluk liyane,kita kedah gesang kanthi mandiri,tumapak wonten sukunipun piyambak senajan alon-alon lan ketatih.





BAB III
PANUTUP

A.    Dudutan
Sangking pawedharan ing nginggil saged kapundhut dudutan bilih apresiasi tembang kagiyatan kangge njlentrehaken kados pundi sejatine isi ingkang kaserep wonten tembang menika.
Sakalajengipun, bilih kaprigelan tembang mocopat menika inggih punika : guru lagu,guru wilangan,guru gatra,titi laras lan lian-liane kang mujudaken kaprigelan ingkang tansah sesambungan. Kirang-langkungipun salah satunggaling kaprigelan, badhe ndadosaken dampak ingkang ageng sanget pangaribawanipun dhateng kaprigelan sanesipun. Ing panggenanipun, kaprigelan- kaprigelan kala wau asring sesambetan antawis setunggal lan setunggalipun.
Ancas lan manfaatipun ketrampilan apresiasi tembang jawi dhateng tiyang jawi inggih punika medharaken gagasan, ide, raos dhumateng tiyang sanes, supados tiyang menika saget mangertosi pitutur punapa ingkang dipun wedharaken.

B.     Saran
1.      Mahasiswa PGSD UNNES sewajaripun saget nembang macapat lan nembang dolanan kanthi laras saha leres.
2.      Mahasiswa PGSD UNNES kedah saged nguri-uri kabudayan jawi lumantar tembang macapat lan tembang dolanan.
3.      Kangge kawula mudha kedah  bangga marang karyanipun kabudayaan nagari kita.





DAFTAR PUSTAKA


Paku Buwono IV. 1996. Serat Wulangreh 2. Yogyakarta: PT. Intan Pariwara
Wibisana,Drs.2009.Pepak basa Jawi Anyar.Surakarta: Samodra Ilmu
Nugroho, Yusro Edy. 2006. Puisi Jawa Klasik. Studio
Buku ‘’Seneng Basa Jawa’’ Desember2006 Semarang: ANEKA ILMU




0 komentar:

Posting Komentar

 
;