Minggu, 14 September 2014

Apresiasi Reseptif Untuk anak-anak (cerita anak, tembang anak-anak)



Apresiasi Reseptif  Untuk anak-anak (cerita anak, tembang anak-anak)


BAB I
PURWAKA
A.LATAR BELAKANG
Wonten jaman sakniki kedah dipun perhatikaken babagan pegajaran nilai-nilai kangge anak.Jaman modern kathah hiburan kangge anak-anak ingkang nglahiraken pendidikan lan hiburan ingkang praktis lan otomatis. Nanging ningali sarana hiburan anak sakniki ingkang dipun wucali modern, anak-anak langkung remen tembang dolanan lan cerita ingkang modern, katimbang tembang doalanan lan cerita bahasa jawi. Lare jaman sakniki sami bombong kalian piyambakipun,ngrasa menawi piyambakipun paling leres lan mboten ngrasa menawi piyambakipun elek,benten kaliyan didikan lare jaman riyen.Kita kedah niru caranipun mucal tiyang jaman riyen,buktinipun kathah masyarakat jawi gesang wonten ing kearifan,sopan santun,unggah-ungguhipun sae lan gesang guyup rukun ing masyarakat.

B.RUMUSAN MASALAH
a.       Punapa ingkang disebut apresiasi reseptif?
b.      Punapa ingkang disebut cerita anak-anak?
c.       Punapa ingkang disebut tembang anak-anak?
d.      Pripun kahanan cerita lan tembang anak-anak ing zaman sakniki?

C.TUJUAN
a.       Mangertosi artinipun apresiasi reseptif
b.      Saged njlentrehaken babagan cerita anak-anak
c.       Saged njlentrehaken babagan tembang anak-anak
d.      Mangertosi kahanan cerita lan tembang anak-anak ing zaman sakniki








BAB II
ISI
1.ARTI APRESIASI RESEPTIF
Artosipun tembung apresiasi miturut pandanganipun para ahli:

·         Apresiasi miturut Sumardjo, Jakob dan Saini (1991:173)
Apresiasi inggih punika memahami,menikmati,kaliyan menghargai.

·         Apresiasi miturut Akhmadi, Mukhsin (1981:16)
Apresiasi inggih punika ketrampilan kangge nglaksanakaken anggapan emosional  ingkang lahir saking pengenalan, pengakuan, kaliyan penghargaan dasar ingkang dipuntambah kaliyan pengertian saking hal-hal karya.

·         Apresiasi miturut Tengsoe tjahjono, liberates (1988 : 17)
Aspresiasi inggih punika aktifitas ngraosaken lan nikmati karya sastra

·         Apresiasi miturut Witherington (1950 : 299)
Aspresiasi inggih punika pengenalan kalian tingkatan nilai-nilai ingkang luwih inggil derajatipun.

·         Apresiasi miturut Zakaria, syoyan( 1981 : 3)
Aspresiasi inggih punika kemampuan tiyang ndamel mangertosi utawi nentokaken tinggi rendahnya mutu suatu karya sastra

·         Apresiasi miturut Aminuddin (2002 : 25)
Apresiasi inggih punika pengenalan saking batin,ngakoni kalian nilai-nilai kaendahan karya sastra.



Artosipun tembung reseptif inggih punika purun nerima,saengga apresiasi sastra reseptif inggih menikna proses penikmatan ingkang saget dipunlaksanakaken saking kegiatan maos, mirengaken kalian nyekaraken tembang.


  





2.CERITA ANAK

      Apresiasi cerita anak saget kelaksana bilih kita maos utawi mirengaken cerita basa jawi.Tiyang ingkang kepingin maos kalian mirengaken cerita ingkang sae kedah kagungan bekal pengetahuan babagan unsur-unsur pembentuk cerita,tuladhanipun:
·         Penokohan kalian karakter
·         Alur utawi plot cerita
·         Point of view utawi sudut pandang
·         Tema
·         Amanat
Saengga pemicara saget nikmati cerita punika kanthi utuh saengga kagungan kebungahan,informasi,warisan kultur,kalian keseimbangan wawasan.
          Dongeng lan cerita anak ingkang wonten ing sekitaripun kita pasti kathah ingkang bermanfaat.
Tuladhanipun cerita anak ingkang sanget kita ngertosi: 
  
 Kancil lan Baya

            Ana sawijining dina,kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali.Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe.Wis wiwit wingi ora mangan apa-apa amarga timun kang ditanduri pak tani padha cmati gabug.Pas mlaku, kancil ketemu karo kelinci,banjur kancil crito marang kelinci mau.Sawise ngerti masalahe,kelinci menehi ngerti yen ning desa sebrang kali lagi panen timun.Sawise krungu critane kelinci,kancil dadi kemecer.Kancil langsung mlayu nganti ra pamitan karo kelinci.
            Kancil meneng.Ngadeg kaya patung,ora obah babar pisan sak tekane pinggir kali.Dheweke lali yen kali desa iki kali gedhe sing akeh bayane.
            Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik.Dumadakan baya gedhe wes ana ing ngarep kancil.Tangane wis nyekeli sikile kancil.Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing katon kuru.Ning dasar kancil,nek kepepet kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik.Kancil langsung gawe alesan yen dheweke lagi diutus kanjeng Nabi Sulaiman kang arep maringi rejeki marang kaum baya lan dheweke kudu ngetung ana pira baya ana ning kali iki ujare kancil marang para baya.
            “Kowe kabeh saiki baris jejer-jejer seka pinggir kali iki tekan pinggir kali kana.Aaku terus ngitungi siji-siji karo mlumpat gegermu”,ujare si kancil.Bar dikandani carane,baya-baya sing wes ngumpul mau padha bubar terus nata dhewe-dhewe kanthi urut.Kancil banjur mlumpatiagi bayane siji-siji karo ngetungi cacahe baya.Ana telungpuluh sanga cacahe.
            Mbasan wes tekan pinggir kali,kancil mlayu mbradhat sipat kuping ninggalake baya sing isih jejer ngenteni.Akhire baya lagi sadar yen wes diapusi kancil..Kancil saiki kewaregan timun.







3.TEMBANG
a.       Tembang Jawi
Tembang jawi inggih menika salah satunggalipun kekayaan budaya seni kejawen masyarakat jawi ingkang dipunciptakaken kalian tiyang  jaman riyen ingkang ndadosaken salah satunggalipun cirri khas tiyang jawi ingkang umumipun. Tembang jawi sarat kalian konsep etika ingakang dipundadosaken falsafah gesang tiyang jawi.
Makna lan artinipun wonten ing saben syair lan lirik tembang jawi punika kagungan pangertosan lan kandungan ingkang lebet sanget. Tembang – tembang jawi sakniki sampun  milai luntur. Para generasi muda sakniki mboten malih nguri-uri seni tembang jawa.
            Tembang jawa dipunbagi dados tiga,inggih menika:
·         Tembang Macapat
·         Tembang Tengahan
·         Tembang Gedhe

Tuladhanipun tembang jawi:  
   Prau Layar
   (Ki Nartasabda)

Yo kanca ing gisik gembira
Alerab-lerab banyune segara
Agiyak numpak prau layar
Ing dina Minggu keh pariwisata
Alon praune wis nengah
Pyak-pyuk pyak banyu binelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake rasa lungkrah lesu
Adhik njawil mas jebul wis sore
Witing klapa katon ngawe-awe
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe.








b.   Tembang Dolanan
Tembung “tembang” inggih menika tembung bahasa Jawi ingkang kagungan arti “lagu” (Mangunsuwito, 2002 263). Lagu kagungan irama kang arupi rangkaian tangga nada ingkang kasusun urut lan harmonis, seengga ndadosaken unen-unenan ingkang ngandut unsur kaendahan. Budaya tembang dolanan inggih punika ekspresi estetika ingkang dipunlaksanakaken kalian tiyang jawi. Biasanipun tembang punika dipunlaksanakaken kalian bocah-bocah kangge dolanan sareng-sareng kalian kancanipun.
Umumipun tembang dolanan teseh dipunnikmati kalian siswa SD katimbang Tembang Macapat ingkang sarat  cengkokan – cengkokan nada lan irama ingkang susah dipunlantunaken dening siswa SD.

Lirik saking lagu dolanan tersirat makna religius, kebersamaan, kebangsaan, lan nilai estetis.
v  Tembang dolanan berbahasa Jawa ingkang ngandung nilai budi pekerti religius utawi  keagamaan
o   SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.
  Makna  tersirat wonten ing tembang dolanan “Sluku-sluku bathok” inggih punika nilai religius. Saking syair kasebut kagungan makna bilih manusia kedah ngresikaken batinipun lan kedah berzikir kemutan Allah (ela-elo) nggelengaken mustaka ngendikakaken lafal laa illa ha illallah wonten ing wekdal susah menapa bunggah.Gesang sedanipun tiyang wontening ngarsanipun Gusti Allah,mila kita kedah bertperilaku sae dumateng sesami.
o   Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
Wonten ing tembang dolanan punika ngandung makna religius(keagamaan). Maksud saking tembang dolanan punika inggih punika kita kedah bersyukur dateng Gusti ingkang Maha Kuasa amargi saged ngraosaken kaendahan alam. Kangge nunjukaken rasa syukur punika kita dikarepaken mboten tilem sonten amargi kita saged ngelaksanakaken ibadah wekdal ndalu.
v  Tembang dolanan bahasa Jawa ingkang ngandung  nilai budi pekerti.
o   Jaranan
Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
      Jeg-jeg gedebuk jedher
Tembang dolanan jaranan kagungan makna budi pekerti ingkang tersirat inggih punika:
ü  Kesarengan
Saking syair numpak ndara bei sing ngiring para menteri,wonten rasa kesarengan antaranipun atasan lan bawahan.Tiyang ingkang kagungan kedudukan wonten ing nginggil sanget mbutuhaken tiyang ingkang kedudukanipun wonten ing ngandap. Kedudukan nginggil diibarataken ndara Bei salajengipun kedudukan ingkang wonten ing ngandapipun inggih menika para menteri.


ü  Ngormati tiyang ingkang wonten ing nginggil derajatipun
Budaya Jawi sampun mucalaken menawi tiyang ingkang ngandap asor kedah ngormati tiyang ingkang langkung nginggil derajatipun.Babagan punika wonten ing syair “sing numpak ndara Bei sing ngiring para menteri”.Wonten ing syair punika ndara Bei dipun anggep kagunggan kedudukan  langkung inggil saking para menteri,amargi sesebutan ndara Bei punika namung kangge keturunan ningrat.

v  Tembang dolanan bahasa Jawa ingkang ngandung makna kayata wonten ing ngandap punika
o   MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Methok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu
Wonten ing lirik tembang “Mentho-menthok”ngandung makna instropeksi diri.Dados tiyang punika mboten angsal mbombongaken piyambakipun,amargi sedaya ingkang wonten ing donya punika ciptaanipun Gusti inkang Maha Kuasa.Saenipun kita saged berusaha kalian mempeng anggenipun nyambut damel,kangge nyekapi kebutuhanipun.Wonten ing syair kasebut diibarataken menthok,senaosa sifatipun jahat,remen turu,namung kagungan sifat sae lan migunani inggih punika kangge panglipur tiyang kathah amargi lucu. 
o   GUNDUL-GUNDUL PACUL
Gundul-gundul pacul..cul, gemelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan

Saking syair tembang dolanan Gundul-gundul Pacul ngambaraken bocah ingkang gundul,nakal,angkuh,lan mboten tanggungjawab. Piyambakipun mboten saged mbentenaken  antaranipun babagan ingkang sae punapa mboten.Piyambakipun bombong,nganggep piyambakipun paling pinter,paling leres,paling saged. Amargi kebombonganipun kehidupan piyambakipun hancur.Saking syair tembang punika ngandung makna mboten angsal bombong,angkuh,lan ceroboh amargi punika penyebabipun saking kegagalan.

4.KAHANAN CERITA LAN TEMBANG ANAK WONTEN ING INDONESIA.
            Negara Indonesia kagungan maneka werna budaya lan kesenian,tuladhanipun cerita lan tembang anak.Namung wonten ing jaman sakniki cerita lan tembang anak bahasa Jawi kirang diperhatikaken kalian pemerintah.Ditambah malih kaliyan perkembangan teknologi modern.Bocah sakniki langkung remen kaliyan cerita-cerita lan temabang saking luar Jawi katimbang cerita lan tembang basa Jawi.
            Cerita lan tembang anak berbasa jawi kedah ditepangaken datheng generasi muda khususuipun anak-anak kangge upaya mbangun jati diri lan karakter bangsa.Menawi kita kirang pemahaman lan pengalaman wonten ing potensi seni budaya bangsa,dikhawatiraken mbenjang negara punika badhe keicalan jati diri lan karakter ingkang berbudi luhur.
               















BAB III
PENUTUP
A.DUDUTAN
Wonten zaman sakniki cerita lan tembang anak-anak sampun boten populer, sampun boten dipungatosaken dening masyarakat kita. Sakniki, wonten masyarakat kita luwih kathah tiyang-tiyang ingkang remen cerita-cerita modern, tuladhanipun : komik, novel, lan sapanunggalanipun. Ugi wonten babagan tembang, masyarakat kita ing zaman sakniki kathah ingkang luwih remen tembang-tembang dangdut, tembang pop, lan tembang-tebang tresna. Sampun jarang tiyang-tiyang ingkang migatosaken dening cerita lan tembang-tembang anak-anak khususipun ingkang migunakaken basa jawa. Tiyang sepah ing zaman sakniki jarang ingkang nepangaken cerita lan tembang anak-anak kangge putra-putrinipun, padahal cerita lan tembang anak-anak ngandut nilai budi pekerti ingkang patut lan kedah dipun ajaraken dening generasi muda khususipun anak-anak. Nilai budi pekerti kasebat kayata nilai relegius, kebersamaan, kemandirian, boten pareng sombong, lan introspeksi diri.

B.SARAN
            Kedahipun wonten zaman sakniki tiyang-tiyang sepah nepangaken cerita lan tembang anak-anak kangge putra-putrinipun, amargi pentingipun nilai-nilai ingkang kaandut wonten ing mriku. Kedahipun anak-anak zaman sakniki boten namung mentingaken babagan teknologi ingkang sampun modern, namung ugi kedah nguri-uri kebudayaanipun piyambak.














DAFTAR PUSTAKA


0 komentar:

Posting Komentar

 
;