Senin, 20 April 2015

APRESIASI RESEPTIF CARIYOS WAYANG





MAKALAH
APRESIASI RESEPTIF CARIYOS WAYANG
Dipunsusun kangge menuhake tugas mata kuliah Bahasa Jawi
Dosen Pembimbing : Drs. Sukardi S.Pd., M.Pd.



DENING :
KELOMPOK 13
GLADI IKHTIAR PANGESTU (1401414261)
ULFAH NURUL WAHDAH (1401414283)


PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2014

ATUR SAPALA
Ingkang sepisan kita ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kita saged ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku salah sawijining syarat damel nglengkapi tugas bahasa jawi punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan punika.
Kita nyuwun pangapunten anggene damel makalah niki kurang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kita, kita nyuwun pangapunten.
            Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita  angsal balesan saking gusti Allah SWT. Harapan kita mugi-mugi makalah niki wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca lan mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kita panjenengan sedaya.


Penyusun



DAFTAR ISI
Halaman
HALAMAN  IRAH-IRAHAN  ......................................................................................
i
ATUR SAPALA  ............................................................................................................
ii
DAFTAR ISI  ..................................................................................................................
iii
BAB I
PURWAKA  ...............................................................................................
1

A.
Lelandhasaning Perkawis  ................................................................
1

B.
Undharaning Perkawis   ...................................................................
1

C.
Tujuan Panulisan  .............................................................................
1
BAB II
ANDHARAN  .............................................................................................
2

1.
Pangertosan Wayang  .......................................................................
2
2.
Sejarahipun Wayang  .......................................................................
2

3.
Sebutan Wayang  .............................................................................
2

4.
Cariyos Wayang Dewi Kunthi  ........................................................
3

5.
Apresiasi Cariyos Wayang  ..............................................................
5
BAB III
PANUTUP  .................................................................................................
6

1.
Dudutan  ...........................................................................................
6

2.
Saran  ................................................................................................
6
DAFTAR KAPUSTAKAN  ...........................................................................................
7



BAB I
PURWAKA

A.    Lelandhasaning Perkawis
Sak katahing budayan ing tlatah Jawi menika, katah ingkang sampun mboten dipun lestarikaken dumateng tiyang-tiyang ing tlatah Jawi. Salah satunggaling kabudayan menika yaiku Ringgit Purwo utawi Wayang, katah tiyang Jawi ingkang mboten nglestarikaken kabudayanipun piyambak, kamongko ringgit purwo utawi wayang menika asli kabudayan Jawi lan katah paedahipun, ananging tiyang Jawi menika katah ingkang mboten nggatosaken kabudayan menika.

B.     Undharaning Perkawis
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khususipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.

C.     Tujuan Panulisan
Wonten 5 perkawis ingkang dipunaturaken wonten makalah menika :
1.      Menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2.      Kados pundi sejarahipun wayang?
3.      Kados pundi sebutanipun wayang menika?
4.      Kepripun cariyos wayang Dewi kunthi?
5.      Menapa  apresiasi reseptif cariyos wayang Dewi Kunthi?


BAB II
ANDHARAN

1.      Pangertosan Wayang
Ringgit purwo utawi wayang yaiku salah satunggaling wujud seni pertunjukan kang awujud drama ingkang kas. Seni kang kaemot sajroning pertunjukan wayang yaiku: seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis lan sapanunggalane. Wayang menika pagelaran ingkang ngagem boneka umumipun. Wayang dipunlakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi utawa mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika mboten kathah.
2.      Sejarahipun Wayang
Para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi kang wonten ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene wujud aslinipun sampun wonten biyen-biyen, rikolo teksih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge wonten agama Hindu Budha. Ing jaman semana kang diarani budaya wayang sampun digadhehi dening bangsa Indonesia dhewe. Dados wayang kuwi kabudayan aslinipun bangsa. Wektu iku, budaya wayang teksih cedak hubungane kaliyan muja-muji kapercayan animisme kang teksih nganut para leluhuring bangsa Indonesia.
Ing kapercayan Animisme, roh nenek moyang utawa leluhur saged dipunagem nyenyuwun petunjuk bantuan kangge kamulyan uga saged disuwuni kangge pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau uga dipunpercaya kang saged ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen wonten karep kangge nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, kang jarene saged ngundang, nimbali para rohing leluhur kang sampun pada seda kangge disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual wau diwontenaken lan dibarengi ngangge cara damel pagelaran wayang.
3.      Sebutan wayang    
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki sampun mboten saged diugemi maneh. Wayang dados mboten mligi boneka kang wonten wewayangane wayang golek kang didamel seka kayu mboten ngandhelake wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

4.      Cariyos Wayang Dewi Kunthi
Ing Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga dipunasmani Kunthinalibranta lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri ingkang kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi ngadehi sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Wonten ing pewayangan, Dewi Kunthi nggadehi watak kang welas asih lan tresna. Awit alit deweke sampun ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh kaliyan Resi Druwasa, guru spiritual saking Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi diwenehi mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling ingkang saged nyepaki Bhatara Surya. Kamangka kuwi Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi teksih dilamar para Raja lan satria saka manca negara. Kangge nemtukake sinten kang bakal dados garwane, Prabu Basukunthi nganakake sayembara "Giri Patembaya" ingkang surasanipun : sinten tiyang kang saged ngalahake Arya Basudewa bakal dijodohake kaliyan Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngertos yen putrinipun ngandhut. Apa maneh Dewi Kunthi durung gadheh garwa. Amarga Raja murka, Dewi Kunthi banjur dipunutus maos mantra "Aji Pameling" kangge ngrawuhake Resi Druwasa supados ngadhep Prabu Basukunthi. Amarga saka keampuhan lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi saged miyos liwat talingan. Saengga Dewi Kunthi tetep saged kajaga keperawanane, lan bayi wau diwenehi asma "Karna" uga saged diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kangge njaga kehormatanipun kerajaan, Karna banjur dibekta Resi Druwasa lan dilarung. Bayi wau dipuntemuake kusir kreta Kerajaan Ngastina kang asmane Adirata. Sayembara utawa perang tandhing kang dipungelar wau dipunmenangake dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma sampun ngucap sumpah mboten bakal nggarwa kajaba kaliyan Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma. Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandu kang telat datheng ing acara sayembara. Pandu akhire kang menangake tandhing dening Narasoma, yaiku saged ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma kang misuwur ampuh. Kunthi banjur dipasrahake. Kangge ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang asmanipun Dewi Madrim uga dipasrahake dening Pandu.
Wonten ing tengah margi nalika wangsul menyang Ngastina, Pandu kepanggih dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu Gandara, kang sajake uga kagungan kersa tumut sayembara perang tandhing. Nanging amarga telat mboten dados perang, ning Sengkuni nantang perang tandhing nglawan Pandu. Nanging Sengkuni uga saged dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adine sengkuni dipasrahake dening Raden Pandu.
Raden Pandu wangsul ing Ngastina mbekto tiga putri. Sasampunipun ngantos kraton, Pandu banjur masrahake putri-putri wau dening bapake, Wiyasa. Sabanjuripun Wiyasa dawuh dening Destarasta supados milih dhisit salah sawijining putri wau. Destaratra milih Dewi Gendhari adine Sengkuni. Saengga putri kalih wau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dados garwane Raden Pandu. Saka Dewi Kunthi, Raden Pandu gadheh tiga putra yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu gadheh putra kembar kang asmanipun Nakula lan Sadewa.
Rikala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa sampun saged nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahake maneh dening Pandhawa. Perjanjian mau dipunsaksiaken Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan rebutan antara Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut wangsule negara Ngastina. Sasampunipun bola-bali dirembug nanging mboten wonten hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dados pinengahe pandhawa lan kurawa. Nanging amarga sedaya macem rembugan mboten mbekto hasil kang becik. Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing, perang Bharatayudha. Pandhawa mampu numpas bala Kurawa lan sampun mesti Negara Ngastina balik dados gadhehe Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa sampun rampung kewajibanipun. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur tindak saka Ngastina lan nyepi (tapa) ing tengah alas, kuwi uga kang dilakonake dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar wonten ing tengah alas.



5.      Apresiasi Cariyos Wayang
a.       Tema
Parebutan Kekuasan
b.      Alur utawi plot
Aluripun carita Dewi Kunthi inggih menika alur maju. Amergi ing carita nyritakake perjalananipun asmaranipun Dewi Kunthi tumuju mados garwa, lan mboten wonten ing carita ngisahke kedadian ing masa lampauning Dewi Kunthi. Serta asal mulane perang Barathayuda.
c.       Tokoh lan penokohan
1.      Dewi Kunthi : welas asih, tresna
2.      Pandudewanata : ksatria, wibawa, bijaksana
3.      Prabu Basukunthi : tegas, gampang nesu
4.      Resi Druwarsa : pinter, sekti
5.      Narasoma : gadheh pendirian ingkang kuat
6.      Arya Suman utawa Sengkuni : watake licik, elek, jahat
7.      Wiyasa : bijaksana
8.      Pandawa : watekipun sae, ksatria
d.      Latar utawi setting
1.      Latar panggonan : Negara Ngastina
2.      Latar wektu : wektu samono       
3.      Latar swasana : tegang
e.       Sudut pandang
Cariyos wau ngangge sudut pandang tiyang katiga pelaku utama
f.       Amanat utawi nilai-nilai kang kandhut ing cariyos babagan Dewi Kunthi yaiku :
·         Kedah saged nepati janji.
·         Luwih becik yen paseduluran dijaga kanthi sae supados aman lan tentrem.
·         Yen dipasrahi dados saksi kedah saged ngrewangi mlaku ning dalan kang bener.




BAB III
PANUTUP

1.      DUDUTAN
Cariyos Dewi Kunthi yaiku salah sawijining cariyos wayang kang ngandung ajaran kebajikan lan nggadehi wawasan ingkang jembar (multikultural). Cariyos Dewi Kunthi ngandung makna wigati nuntut ngilmu, kang digambarake dening paraga Dewi Kunthi kang nggadhehi semangat kangge nuntut ngilmu awit alit sampun ngangsu kawruh lan ngolah batin. Ing cariyos menika ugi ngandung ajaran babagan wigatosipun semangat, serius, yakin marang kekuatan piyambek, kang digambarake dening paraga Pandu kang menangake perang tanding kaliyan Narasoma, selajengipun menangake tanding kaliyan Arya Suman utawa Sengkuni, lan menangake Perang Barathayuda ngakahake Bala Kurawa.

2.      SARAN
·         Wayang iku budaya jawa asli dados kedah dipunlestariake lan ampun di lalekake.
·         Kita dados kaum muda kedah saged jaga kebudayaan jawa, kayata budaya wayang.
·         Kanthi dipundamel makalah niki, mugi-mugi wonten manfaate dumateng kita khususipun kang nyusun lan tiyang kang maca umumipun lan saged ngembangaken serta nglestariake kesenian tradisional wayang lan saged ngapresiasi cariyos wayang punika.
·         Saking cariyos wau saged dipunpundhut dudutan, kita kedah njaga paseduluran supados gesangipun aman lan tentram.


DAFTAR KAPUSTAKAN


0 komentar:

Posting Komentar

 
;