MAKALAH
“APRESIASI PRODUKTIF LAGU TEMBANG MACAPAT KALIAN
TEMBANG DOLANAN”
BAB I
PURWAKA
A.
Latar
Belakang
Macapat
yaiku tembang utawi puisi jawa. Wonten stunggaling tembang kejawi macapat
ingkang ugi kalebu dening sastra jawi
kang kawastanan dining tembang dolanan.
Wonten jaman sakniki kathah sanget tiyang ingkang mboten mangertosi
kados menapa sejatine tembang-tembang menika.
Tembang
mocopat menika satunggaling kawegigan ingkang dipunagul-agulaken,khususipun
wonten tlatah jawa. Sampun dipun mangertosi mbok bilih macopat menika nggadahi
kathah sanget pitutur ingkang kasirat wonten cakepan (syair) tembangipun.
Sanadyan boten ing tlatah Jawi khususipun Ngayogyakarta utawi wonten daerah
Surakarta menapa dene ing Jawa Tengah, kawigadosan ngenani mocopat menika ugi
penting sanget kang kacandra nedahakan jati dirinipun tiyang Jawi.
Menawi tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta
gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra|gatra,
guru lagu|guru
lagu, guru wilangan|guru wilangan,
lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik,
utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa
dibarengi wiramaning gendhing.
Tembang
macapat lan tembang dolanan menika
ugi salah satunggaling pitutur ingkang penting sanget , khususipun dhateng
tiyang jawi lan umumipun dhateng warga masyarakat Indonesia mbok bilih kita
saged mangertosi sejatine tembang menika kepripun. Mocopat ing pamulangan basa
menika kalebet materi ingkang boten gampil ginayuh. Mula wonten ing makalah
menika badhe dipunmedharaken punapa gladhen tembang menika, ancasipun lan
manfaatipun gladhen utawi apresiasi
tembang mocopat lan tembang dolanan
menika.
B.
Rumusan
Masalah
Ingkang dados perkawis
sesampunipun maos latar belakang ing nginggil inggih punika:
a. Punapa
ingkang dipun wastani dining apresiasi
tembang mocopat lan dolanan ?
b. Punapa
kemawon keprigelan ingkang kajangkep ing isinipun tembang ?
c. Punapa
ancas lan manfaatipun apresiasi tembang menika ?
C.
Tujuan
Ingkang dados tujuan
pendamelan makalah punika yaiku:
a. kanggo menehi gambaran
tentang karya sastra tembang berserta
kajiannya yaiku tembang macapat lan tembang dolanan.
b. Saged
medharaken punapa mangertosi sejatine tembang menika penting sanget.
c. Saged
medharaken punapa ancas lan manfaatipun mangertosi sejatine tembang menika
dhaateng tiyang.
d. Saged
medharaken gegayutanipun kaprigelan tembang mocopat lan tembang dolanan.
e. Kanggo memenuhi tugas Mata Kuliah Bahasa Jawa semester I tahun 2014
BAB II
PEMBAHASAN
A.
Hakikatipun
Apresiasi Produktif
Apresiasi asalipun
saking tembung
appreciation ingkang tegesipun
penghargaan, mbok bilih wonten Kamus Bahasa Indonesia tembung
apresiasi tegesipun penilaian penghargaan dhumateng salah sawijining seni utawi
kesadaran dumateng nilai seni.
Miturut Moha Junaedi (1988:1) apresiasi dipun fokusaken
wonten kemampuan wicara, nglakoni, memahami, dan menikmati salah sakwijinig
seni. Tembung apresiasi tegesipun pengertian, pengetahuan, penghargaan dumateng
karya sastra khususipun seni.
Menawi apresiasi produktif inggih menika pemahaman lan pemberian tanggapan kanthi tertulis dumateng salah sakwijinig
karya.
B.
Tembang
Macapat
1.
Pangertian
Tembung
macapat asale saka tembung “ma + cepat” iku andasar yen maca utawa ngrungokake
kepara rikat, ora nganggo “wiledan” utawa “eluk-eluking” swara kang njalari
dadi lan suwene.
Tembang macapat iku salah
sawijining tembang utawa puisi
tradisional jawa kang olehe maca iku patanga wanda patang wanda. Tegese
paling akeh diwaca patang wanda (suku kata), senajan ya ana sing diwaca rong
wanda, telung wanda lan limang wanda. Namun ini bukan satu-satunya arti, penafsiran
lainnya ada pula.
Tembang
macapat iku duwe pathokan yaiku :
1. Guru
lagu, tegese tibaning swara (vokal) kang pungkasan saben salarik
2. Guru
wilangan, tegese cacahing wanda saben salarik
3. Guru
gatra, tegese cacahing larik saben sapada tembang.
2.
Jenising
Tembang Macapat
a. Kinanthi 6
gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
b. Sinom 9
gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,
12a
c. Pangkur 7
gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a,
12i, 7a
d. Dhandanggula 10
gatra: 12u, 6a, 8i, 12a
e. Pucung 7
gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
f. Mijil 6
gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
g. Durma 7
gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
h. Maskumambang 4 gatra :
12i, 6a, 8i, 8a
i.
Asmaradana 7
gatra : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
j.
Megatruh 5
gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
k. Gambuh 5
gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3.
Sasmita lan Wewatekane Tembang Macapat
No.
|
Arane Tembang
|
Sasmitane
|
Watake
|
1
|
Pucung
|
Pucung,
kaluwak, wanda ‘cung’
|
Watake sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo
nelakake geguyonan lan pitutur
|
2
|
Maskumambang
|
Maskumambang,
kampul, maskentir, kambang, kentir
|
Watake susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocog
kanggo nelakake rasa kasedhihan kang ngenesake.
|
3
|
Megatruh
|
Dudukwuluh,
truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh.
|
Watake sedhid lan kentekan pangarep-arep, mula lumrahe
kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati.
|
4
|
Gambuh
|
Gambuh,
buh, jumbuh, tambuh
|
Watake grapyak, sumanak, mula cocog kanggo nyritakake
pitutur.
|
5
|
Mijil
|
Mijil, pamijil,
wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
|
Watake tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur,
nasehat, lan uga crita katresnan utawa asmara.
|
6
|
Kinanthi
|
Kinanthi,
kanthi, gandheng, kanthil
|
Watake seneng, tresna asih, mituturo, nuladani, mula
lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.
|
7
|
Asmaradana
|
Asmaradana,
asmara, brangta, kingkin, yungyun
|
Watake tresna asih lan sedhih, mula pantes kanggo nelakake
rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane.
|
8
|
Dhurma
|
Durma,
dur, undur, sirna, galak
|
Watake galak, sereng, lan ngemu kanepson, mula cocog
kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan paprangan
|
9
|
Pangkur
|
Pangkur,
wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur
|
Watake sereng, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo
nyritakake rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel, lan
uga kahanan paprangan
|
10
|
Sinom
|
Sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata, pamase,
logondhang, rema, pangrawit, mudha
|
Watake sabar, grapyak, lan sumanak, mula lumrahe kanggo
nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur
|
11
|
Dhandhanggula
|
Sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari, bremana,
guladrawa, gagak, kaga, tresna
|
Watake luwes, kewes, lan ndudut ati, mula pantes kanggo
nelakake crita apa bae, ing ngendi bae, lan kahanan apa bae.
|
4.
Filsafat
Tembang Macapat
Tembang macapat
menika nggambaraken sangkan paraning dumadi, nggambarake lelampahanipun
manungsa titahing Gusti Allah, wiwik lahir ngantos ketimbalan dening Gusti
(dipun pocong) tembangipun PUCUNG.
1. Maskumambang:
Gambaraké
jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé
ngambang nyang kandhutané ibuné.
2. Mijil
Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3. Sinom:
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing
paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa
ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi:
Saka
tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana:
Ateges
rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh
mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh:
Saka
tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur
digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula:
Nggambaraké
uripé wong kang lagi seneng-senengé. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak,
urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong
atine, bisa diarani lagu dhandhanggula.
8. Durma:
Saka
tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa
welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula
banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau
disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur:
Saka
tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh:
Saka
tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan
marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung:
Yen
wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.
5.
Contoh Tembang Macapat
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama
Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana
Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
A.
Tembang Dolanan
1.
Pangertian
Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra|gatra, guru lagu|guru lagu, guru wilangan|guru
wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa
ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo
kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan,
bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga
ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang
kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa
tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
·
Jamuran
·
Jaranan
·
Lir
Ilir
2.
Contoh Tembang dolanan lan Apresiasine
a.
SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku
bathok
Bathoke
ela-elo
sluku bathok
Bathoke
ela-elo
Si Rama
menyang Solo
Oleh-olehe
payung motha
Mak jenthit
lolo lobah
Wong mati
ora obah
Nek obah
medeni bocah
Nek urip
goleka dhuwit.
Makna ingkang tersirat wonten
tembang dolanan “Sluku-sluku bathok” inggih punika nilai religius. Wonten
cakepan (syair) menika tegesipun manungsa tansah ngresiki batosipun ug tansah
eling marang gusti Allah kanthi (ela-elo) nolehaken sirahipun ngiwo lan nengen kanthi
ngucapaken lafal laa illa ha illallah wonten nopo mawon keadaane (bungah utawi
cuwa), wonten kalanipun nggadahi musibah utawi kenikmatan gesang ugi pejahipun
manungsa wonten astanipun gusti Allah, kados mekaten mumpung taseh gesang ugi
wilujeng monggo tumindak ingkang becik kalian sesami,ugi beribadah dumteng gusti Allah SWT amargi
gusti Allah Maha nopo kemawon, mbok menawi sampun kekarep dining patinipun
manungsa,mboten wonten ingkang saged nolak nopo maleh nyegah.
b. Ilir-Ilir
Lir-ilir,
lir-ilir
Tandure wus
sumilir
Tak ijo
royo-royo
Tak sengguh
temanten anyar
Cah angon, cah
angon
Penekno
blimbing kuwi
Lunyu-lunyu
penekno
Kanggo
mbasuh dodotiro
Dodotiro,
dodoiro
Kumitir
bedah ing pinggir
Dondomono,
jlumatono
Kanggo sebo
mengko sore
Mumpung
padhang rembulane
Mumpung
jembar kalangane
Yo sorako,
sorak iyo!!
Wonten cakepan (syair) tembang dolanan ingkang dipun
tetengeri Ilir-ilir nggadahi makna religius utawi keagamaan. Menawi tegesipun
ingkang wonten tembang menika inggih punika kita dados umat manungsa dipun
suwun tangi sangking keterpurukan kagem nambah kandelipun iman lan berjuang
kagem nggadahi bebungah (kebahagiaan) sami kalian bebungahipun sarimbit
pengantin anyar. “Cah angon, cah angon. Penekno blimbing kuwi” nggambaraken
perintah salat kang lima waktu. “lunyu-lunyu penekna kangg mbasuh dodotiro”
cakepan menika ateges supados kiat tetep usaha nindaaken Rukun Islam nopo
kemawon alangan ugi resikonipun. Mbok bilih ibaratipun sandangan kita sampun
bolon-bolong, ewasemana kita ingkang dados umat dipun gadang-gadang supados ndandani
ugi ngandelake iman lan taqwa supados saged siap nekani panggilanipun Ilahi
robbi.
c. Padhang
Bulan
Yo kanca
dolanan ing njaba
Padhang
mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké
aja padha turu sore
Wonten tembang dolanan padang bulan nggadahi makna
religius (kagamaan). Maksudtipun sangking tembang dolanan menika kita tansah syukur dumateng
gusti ingkang Maha Kuaos kagem menikmati
indahipun alam menika. Kagem mujudaken raos syukur menika kita dipun
gadang-gadang mboten sare sore-sore supados kita saged nindaaken kabecikan wonten
wayah ndalu.
d. Jaranan
Jaranan-
jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak
ndoro bei
sing ngiring
para mentri
Jeg-jeg
nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg
gedebuk krincing
Gedebug
jedher
Gedebug
krincing
Jeg-jeg
gedebuk jedher
Tembang dolanan jaranan sejatinipun namung dumadi
sangking patang larik,larik sak sampunipun naming dipun bolan-baleni. Menawi
dipun tingali sangking cakepanipun wonten makna budi pekerti ingkang tersirat wonten
tembang menika, inggih menika:
(1)
Kebersamaan
Wonten cakepan “ndara Bei sing ngiring para menteri”, teng
mriku wonten raos kebersamaan dateng atasan kaliyan bawahan. Kebersamaan
ingkang tansah sami-sami mbutohaken,sami-sami ngrewangi , tiyang ingkang nggadahi
kedudukan luwih duwur mbutuhaken tiyang ingkang berkedudukan luwih asor, mekaten ugi sak
walike. Kedudukan ingkang duwur menika dipun gambaraken dening ndara Bei ingkang
mbutuhaken kawalanipun sangking para menterinipun ingkang nggadahi kedudukan luwih
asor.
(2)
Menghormati yang lebih tinggi kedudukannya
Budaya Jawi sampun ngajaraken menawi tiyang ingkang
gadah kedudukan kang luwih asor kedah menghormati tiyang ingkang nggadahi kedudukan luwih
duwur. Menika ketawis sangking cakepan “sing numpak ndara Bei sing ngiring para
menteri”. Wonten cakepan menika ndara
Bei ka anggep nggadahi kedudukan ingkang luwih duwur ketimbang mentrinipun, amargi
sebutan ndara Bei naung diagem kagem
nyebutaken tiyang ingkang ngaadahi kedudukan kang duwur ugi keturunanipun
ningrat. Nopo maleh dipun tunjang kalian tungganganipun sembrani ingkang duwur
lan ageng kang kairingan kalian para mentrinipun. Kanthi mekaten, tugasipun
para menteri inggih menika ngawal ndara Bei. Wonten mriki, sampun gambling
menawi budi
pekerti ingkang
kudu dipun tanamaken inggh menika sikap menghormati kaliyan tiyang ingkang
luwih sepuh utawi ingkang luwih duwur kedudukanipun.
e. MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthok
tak kandhani
Mung solahmu
angisin-isini
Bokya aja
ndheprok
Ana kandhang
wae
Enak-enak
ngorok
Ora nyambut
gawe
Methok-menthok
Mung lakumu
megal-megol gawe guyu
Wonten lirik
tembang dolanan ‘Menthok-menthok’ ngadahi makna instropeksi kagem awake dewe. Kagem
umat manungsa mboten angsal sombong, amargi sejatine ingkng wonten ndonya
menika dipun ciptaaken gusti Allah kanthi ngadahi kekurangan ugi kelebihannipun.
Luwih becik kita usaha lan makarya kagem nyukupi kebutuhan,mboten malas,mboten
remen tilem,lan seneg tumindak kabecikan kaliyan sesami. Wonten cakepan tembang
dolanan menika ingkang dipun gambaraken menthok, menawi menika pemalas,
sifatipun jahat, ugi remen tilem, ewa semana tasih nggadahi sifat ingkang becik
ugi migunani kagem tiyang sanes inggih menika saged adamel tiyang sanes seneng
(ngguyu).
f. GUNDUL-GUNDUL
PACUL
Gundul-gundul
pacul..cul, gemelelengan
Nyunggi-nyunggi
wakul...kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang,
segane dadi sakratan
Wakul
ngglimpang, segane dadi sakratan
Sangking cakepan tembang dolanan Gundul-gundul Pacul
nggambaraken lare ingkang gundul, nakal, bandel, angkuh, ugi mboten tanggung
jawab. Ingkang mboten saged mbedaaken pundi ingkang becik pundi ingkang awon. Tiyang
menika nggadahi pemikiran menawi piyambakipun tiyang ingkang paling bener,
paling bisa, lan paling pinter,banjur piyambakipun nggadahi solah ingkang gembelelengan, sombong,
lan sak karepipun piyambak. Menawi dipun paring amanah kagem tiyang
kathah,piyambakipun tansah mboten
nggaple.akibatipun sangking kesombongan lan keangkuhan menika kesejahteraan
kaliyan keadilan ingkang semestine berhasil akhiripun dados rusak mboten
karuan.sangking cakepan menika nggadahi makna mboten pareng sombong,wonten
babagan menika ketawis menawi tiyang ingkang sombong,angkuh,ugi ceroboh bade
mbeto kehancuran lan kegagalan,mekaten sangking menika menawi panjenengan dados
pemimpin kang dipun paringi amanah kaliyan tanggung jawab kudu tansah
ditindakaken kanthi sak sae-saenipun,supados mbeto kesejahteraan ugi keadilan
tumrapipun harapan rakyat ingkang dipun pimpin.
g. DHONDHONG
APA SALAK
Dhondhong
apa salak
Dhuku
cilik-cilik
Andhong apa
mbecak
Mlaku
dimik-dimik
Wonten
cakepan tembang dolanan menika kita dipun suguhi kalian kalih pilihan. Ibaratipun
kedondong ingkang njawinipun sae (alus)
ananging isinipun kedondong menika kasar
,sak walike salak ingkang njawinipun kasar isinipun alus. Wonten mriki
kita dipun suguhaken dining kalih karakter,luwih becik tumindak ingkang becik
lahir batosipun sami kaliyan who-wohan duku,ketimbang tumindak ingkang ketawis
sae sangking njawi nanging benten kaliyan isinipun kang podo kaliyan woh-wohan
kedondong. Mekaten sakwalikipun,luwih becknkita tumindak ingkang awon sangking
njawi nanging asline becik solahipun sami kaliyan who-wohan salak. Tumindak
nopo mawon kanthi sae lan mboten dados penggalihipun tiyang sanes lahir kaliyan
batosipun. Menawi cakepan (syair) andhong apa mbecak, mlaku dimik-dimik nggadahi
maksud milih salah setunggaling makna kang dipun maksud cakepan menika . Andong
inggih menika salah setunggaling kendaraan angkutan kang nggunakaken kewan
kagem penggerakipun, menawi becak inggih menika kendaraan angkut kang
nggunakaken tenaginipun manungsa kagem penggerakipun.wonten cakepan menika
nggadahi nilai budi pekerti kemandirian,kita mboten pareng nyusahaken tiyang
sanes utawi mahluk liyane,kita kedah gesang kanthi mandiri,tumapak wonten
sukunipun piyambak senajan alon-alon lan ketatih.
BAB III
PANUTUP
A.
Dudutan
Sangking
pawedharan ing nginggil saged kapundhut dudutan bilih apresiasi tembang
kagiyatan kangge njlentrehaken kados pundi sejatine isi ingkang kaserep wonten
tembang menika.
Sakalajengipun,
bilih kaprigelan tembang mocopat menika inggih punika : guru lagu,guru
wilangan,guru gatra,titi laras lan lian-liane kang mujudaken kaprigelan ingkang
tansah sesambungan. Kirang-langkungipun salah satunggaling kaprigelan, badhe
ndadosaken dampak ingkang ageng sanget pangaribawanipun dhateng kaprigelan
sanesipun. Ing panggenanipun, kaprigelan- kaprigelan kala wau asring sesambetan
antawis setunggal lan setunggalipun.
Ancas lan manfaatipun ketrampilan
apresiasi tembang jawi dhateng tiyang jawi inggih punika medharaken gagasan,
ide, raos dhumateng tiyang sanes, supados tiyang menika saget mangertosi
pitutur punapa ingkang dipun wedharaken.
B.
Saran
1. Mahasiswa
PGSD UNNES sewajaripun saget nembang macapat lan nembang dolanan kanthi laras
saha leres.
2. Mahasiswa
PGSD UNNES kedah
saged nguri-uri kabudayan jawi lumantar tembang macapat lan
tembang dolanan.
3.
Kangge kawula mudha kedah bangga marang karyanipun kabudayaan nagari kita.
DAFTAR
PUSTAKA
Paku Buwono IV. 1996. Serat
Wulangreh 2. Yogyakarta: PT. Intan Pariwara
Wibisana,Drs.2009.Pepak basa Jawi Anyar.Surakarta: Samodra Ilmu
Nugroho, Yusro Edy. 2006.
Puisi Jawa Klasik. Studio
Buku ‘’Seneng Basa Jawa’’ Desember2006 Semarang: ANEKA ILMU
0 komentar:
Posting Komentar