MAKALAH
APRESIASI RESEPTIF CARIYOS WAYANG
ATUR SAPALA
Ingkang sepisan kita ngaturaken puji
syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kita saged
ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku salah sawijining syarat damel
nglengkapi tugas bahasa jawi punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu
ngawujudaken tulisan punika.
Kita nyuwun pangapunten anggene
damel makalah niki kurang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten
kita mangertosi. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking
kita, kita nyuwun pangapunten.
Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita angsal balesan
saking gusti Allah SWT. Harapan kita mugi-mugi makalah niki wonten paedahe
kagem sedaya ingkang maca lan mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan
kita panjenengan sedaya.
Penyusun
DAFTAR
ISI
Halaman
HALAMAN IRAH-IRAHAN
......................................................................................
|
i
|
||
ATUR SAPALA
............................................................................................................
|
ii
|
||
DAFTAR ISI
..................................................................................................................
|
iii
|
||
BAB I
|
PURWAKA
...............................................................................................
|
1
|
|
|
A.
|
Lelandhasaning Perkawis
................................................................
|
1
|
|
B.
|
Undharaning Perkawis ...................................................................
|
1
|
|
C.
|
Tujuan Panulisan .............................................................................
|
1
|
BAB II
|
ANDHARAN .............................................................................................
|
2
|
|
|
1.
|
Pangertosan Wayang .......................................................................
|
2
|
2.
|
Sejarahipun Wayang .......................................................................
|
2
|
|
|
3.
|
Sebutan Wayang .............................................................................
|
2
|
|
4.
|
Cariyos Wayang Dewi Kunthi ........................................................
|
3
|
|
5.
|
Apresiasi Cariyos Wayang ..............................................................
|
5
|
BAB III
|
PANUTUP .................................................................................................
|
6
|
|
|
1.
|
Dudutan ...........................................................................................
|
6
|
|
2.
|
Saran ................................................................................................
|
6
|
DAFTAR KAPUSTAKAN ...........................................................................................
|
7
|
BAB I
PURWAKA
A. Lelandhasaning Perkawis
Sak katahing budayan ing tlatah Jawi menika, katah ingkang sampun mboten
dipun lestarikaken dumateng tiyang-tiyang ing tlatah Jawi. Salah satunggaling
kabudayan menika yaiku Ringgit Purwo utawi Wayang, katah tiyang Jawi ingkang
mboten nglestarikaken kabudayanipun piyambak, kamongko ringgit purwo utawi
wayang menika asli kabudayan Jawi lan katah paedahipun, ananging tiyang Jawi
menika katah ingkang mboten nggatosaken kabudayan menika.
B. Undharaning Perkawis
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten
gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang
menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia
khususipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget
dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi
sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados
kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening
kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
C. Tujuan Panulisan
Wonten 5 perkawis ingkang dipunaturaken wonten makalah
menika :
1.
Menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2.
Kados pundi sejarahipun wayang?
3.
Kados pundi sebutanipun wayang
menika?
4.
Kepripun cariyos wayang Dewi kunthi?
5.
Menapa apresiasi reseptif cariyos wayang Dewi
Kunthi?
BAB II
ANDHARAN
1.
Pangertosan
Wayang
Ringgit purwo utawi wayang yaiku salah satunggaling wujud seni pertunjukan
kang awujud drama ingkang kas. Seni kang kaemot sajroning pertunjukan wayang
yaiku: seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis lan
sapanunggalane. Wayang menika pagelaran ingkang ngagem
boneka umumipun. Wayang dipunlakokaken dening dhalang kanthi iringan gamelan.
Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud
2 dimensi kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi utawa
mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang
dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang
kasebut. Nanging sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket,
tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika mboten kathah.
2.
Sejarahipun
Wayang
Para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi kang wonten
ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene wujud aslinipun sampun wonten
biyen-biyen, rikolo teksih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge wonten agama
Hindu Budha. Ing jaman semana kang diarani budaya wayang sampun digadhehi
dening bangsa Indonesia dhewe. Dados wayang kuwi kabudayan aslinipun bangsa.
Wektu iku, budaya wayang teksih cedak hubungane kaliyan muja-muji kapercayan
animisme kang teksih nganut para leluhuring bangsa Indonesia.
Ing kapercayan Animisme, roh nenek moyang utawa leluhur saged dipunagem nyenyuwun
petunjuk bantuan kangge kamulyan uga saged disuwuni kangge pengayom
kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau uga dipunpercaya
kang saged ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana,
yen wonten karep kangge nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna
kaya dening upacara ritual selametan, kang jarene saged ngundang, nimbali para
rohing leluhur kang sampun pada seda kangge disuwuni keselametan lan kamulyane
menungsa. Upacara ritual wau diwontenaken lan dibarengi ngangge cara damel
pagelaran wayang.
3. Sebutan
wayang
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane
ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki sampun mboten
saged diugemi maneh. Wayang dados mboten mligi boneka kang wonten wewayangane
wayang golek kang didamel seka kayu mboten ngandhelake wewayangan. Ukara wayang
sampun dados pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan
wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawe seka
tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.
4. Cariyos Wayang Dewi Kunthi
Ing Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga dipunasmani Kunthinalibranta lan Dewi
Prita yaiku kalebu Putri ingkang kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan
keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi ngadehi
sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Wonten ing pewayangan, Dewi Kunthi nggadehi watak kang welas asih lan
tresna. Awit alit deweke sampun ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke
ngangsu kawruh kaliyan Resi Druwasa, guru spiritual saking Kraton Mandura. Saka
Resi Druwasa, Dewi Kunthi diwenehi mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling ingkang
saged nyepaki Bhatara Surya. Kamangka kuwi Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara
Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi teksih dilamar para Raja lan satria saka
manca negara. Kangge nemtukake sinten kang bakal dados garwane, Prabu
Basukunthi nganakake sayembara "Giri Patembaya" ingkang surasanipun :
sinten tiyang kang saged ngalahake Arya Basudewa bakal dijodohake kaliyan Dewi
Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngertos yen putrinipun ngandhut.
Apa maneh Dewi Kunthi durung gadheh garwa. Amarga Raja murka, Dewi Kunthi
banjur dipunutus maos mantra "Aji Pameling" kangge ngrawuhake Resi
Druwasa supados ngadhep Prabu Basukunthi. Amarga saka keampuhan lan kesaktiane
Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi saged miyos liwat talingan. Saengga Dewi
Kunthi tetep saged kajaga keperawanane, lan bayi wau diwenehi asma
"Karna" uga saged diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kangge njaga kehormatanipun kerajaan, Karna banjur dibekta Resi Druwasa lan
dilarung. Bayi wau dipuntemuake kusir kreta Kerajaan Ngastina kang asmane
Adirata. Sayembara utawa perang tandhing kang dipungelar wau dipunmenangake
dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake.
Ananging Prabu Narasoma sampun ngucap sumpah mboten bakal nggarwa kajaba kaliyan
Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma. Akhire Narasoma perang
tandhing dening Pandu kang telat datheng ing acara sayembara. Pandu akhire kang
menangake tandhing dening Narasoma, yaiku saged ngalahake Aji Canrabirawa duweke
Narasoma kang misuwur ampuh. Kunthi banjur dipasrahake. Kangge ngakoni tanda
kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang asmanipun Dewi Madrim uga dipasrahake
dening Pandu.
Wonten ing tengah margi nalika wangsul menyang Ngastina, Pandu kepanggih
dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu Gandara, kang sajake uga kagungan
kersa tumut sayembara perang tandhing. Nanging amarga telat mboten dados
perang, ning Sengkuni nantang perang tandhing nglawan Pandu. Nanging Sengkuni
uga saged dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adine sengkuni dipasrahake dening
Raden Pandu.
Raden Pandu wangsul ing Ngastina mbekto tiga putri. Sasampunipun ngantos
kraton, Pandu banjur masrahake putri-putri wau dening bapake, Wiyasa.
Sabanjuripun Wiyasa dawuh dening Destarasta supados milih dhisit salah sawijining
putri wau. Destaratra milih Dewi Gendhari adine Sengkuni. Saengga putri kalih wau
yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dados garwane Raden Pandu. Saka Dewi
Kunthi, Raden Pandu gadheh tiga putra yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna.
Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu gadheh putra kembar kang asmanipun Nakula
lan Sadewa.
Rikala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi
kang wakil saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra
nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa sampun saged nata praja. Sabanjure
Ngastina bakal diserahake maneh dening Pandhawa. Perjanjian mau dipunsaksiaken
Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu
Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi
Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan rebutan antara Kurawa
lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut wangsule negara Ngastina. Sasampunipun
bola-bali dirembug nanging mboten wonten hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut
dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dados pinengahe pandhawa lan
kurawa. Nanging amarga sedaya macem rembugan mboten mbekto hasil kang becik.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing, perang Bharatayudha.
Pandhawa mampu numpas bala Kurawa lan sampun mesti Negara Ngastina balik dados gadhehe
Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa sampun rampung kewajibanipun. Prabu
Destarastra lan Dewi Gendhari banjur tindak saka Ngastina lan nyepi (tapa) ing
tengah alas, kuwi uga kang dilakonake dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi,
Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar wonten ing tengah alas.
5. Apresiasi Cariyos Wayang
a.
Tema
Parebutan
Kekuasan
b.
Alur utawi plot
Aluripun
carita Dewi Kunthi inggih menika alur maju. Amergi ing carita nyritakake
perjalananipun asmaranipun Dewi Kunthi tumuju mados garwa, lan mboten wonten
ing carita ngisahke kedadian ing masa lampauning Dewi Kunthi. Serta asal mulane
perang Barathayuda.
c.
Tokoh lan penokohan
1.
Dewi Kunthi : welas asih, tresna
2.
Pandudewanata : ksatria, wibawa,
bijaksana
3.
Prabu Basukunthi : tegas, gampang
nesu
4.
Resi Druwarsa : pinter, sekti
5.
Narasoma : gadheh pendirian ingkang
kuat
6.
Arya Suman utawa Sengkuni : watake
licik, elek, jahat
7.
Wiyasa : bijaksana
8.
Pandawa : watekipun sae, ksatria
d.
Latar utawi setting
1.
Latar panggonan : Negara Ngastina
2.
Latar wektu : wektu samono
3.
Latar swasana : tegang
e.
Sudut pandang
Cariyos wau
ngangge sudut pandang tiyang katiga pelaku utama
f.
Amanat utawi nilai-nilai kang kandhut ing cariyos babagan Dewi
Kunthi yaiku :
· Kedah saged
nepati janji.
· Luwih becik yen
paseduluran dijaga kanthi sae supados aman lan tentrem.
· Yen dipasrahi
dados saksi kedah saged ngrewangi mlaku ning dalan kang bener.
BAB III
PANUTUP
1. DUDUTAN
Cariyos Dewi Kunthi yaiku salah sawijining cariyos wayang kang ngandung ajaran kebajikan lan nggadehi wawasan ingkang jembar (multikultural). Cariyos Dewi Kunthi ngandung makna wigati nuntut ngilmu, kang digambarake dening
paraga Dewi Kunthi kang nggadhehi semangat kangge nuntut ngilmu awit alit sampun ngangsu kawruh lan ngolah batin. Ing cariyos menika ugi ngandung ajaran babagan wigatosipun semangat, serius, yakin
marang kekuatan piyambek, kang digambarake dening paraga Pandu kang menangake
perang tanding kaliyan Narasoma, selajengipun menangake tanding kaliyan Arya
Suman utawa Sengkuni, lan menangake Perang Barathayuda ngakahake Bala Kurawa.
2.
SARAN
·
Wayang iku budaya jawa asli dados
kedah dipunlestariake lan ampun di lalekake.
·
Kita dados kaum muda kedah saged
jaga kebudayaan jawa, kayata budaya wayang.
·
Kanthi dipundamel makalah niki,
mugi-mugi wonten manfaate dumateng kita khususipun kang nyusun lan tiyang kang
maca umumipun lan saged ngembangaken serta nglestariake kesenian tradisional
wayang lan saged ngapresiasi cariyos wayang punika.
·
Saking cariyos wau saged
dipunpundhut dudutan, kita kedah njaga paseduluran supados gesangipun aman lan
tentram.
DAFTAR KAPUSTAKAN
0 komentar:
Posting Komentar