MAKALAH
Peningkatan Ketrampilan Menulis,
Berbahasa Jawa(huruf jawa) di kelas
rendah
BAB I
PURWAKA
1.
Pawadaning
Prekawis
Ing salebeting jaman globalisasi
kemajenganipun teknologi informasi ingkang sansaya ngrembaka. Kathahipun budaya
manca ingkang lumebet dhateng negari Indonesia anjalari bilih sedaya
peranganing gesang bebrayan ngalami owah gingsir, kalebet unggah-ungguh,
subasita, watak, saha gayanipun para manungsa. Pangaribawa budaya teknologi
informasi (kadosta televisi, radhio, internet, lan sapanunggilipun) celak
sanget kaliyan para putra (generasi mudha); tundhanipun kapribaden budaya timur
(budaya Jawi) ketingal sangsaya luntur, kapribaden budaya manca kados-kados
tuwuh ngrembaka. Pramila ing wekdal menika kathah kedadosan ingkang cengkah lan
boten jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, ingkang adamel tintrimipun tiyang
sepuh. Kedadosan-kedadosan ingkang nalisir saking tumindak kautamen, kadosta
pasrawungan ingkang bebas tanpa wates, tumindak sedheng, padudon antawisipun
para siswa/mahasiswa, lan sanes-sanesipun asring ngrenggani pawartos-pawartos
wonten ing televisi. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan saha kawratan menawi badhe
anggulawenthah kapribaden ingkang pinuji, budi luhur utawi pakarti ingkang
utami dhumateng para putra wiwit wonten ing kulawarga, pawiyatan (sekolah),
punapadene wonten ing bebrayan agung (masyarakat).
Zaman saniki sampun kathah lare – lare
alit ingkang boten saged maos basa jawa langkung – langkung aksara jawa. Napa
malih saniki zaman globalisasi, sedaya bab serba canggih, ngantos – ngantos
basa daerah sampun mulai luntur ing ngageme basa saben dinane. Malah – malah wonten
ibu ingkang asli pribumi jawi, kok nglatih larene ngagem basa Indonesia. Mbok
menawi saking anggepanipun tiyang, basa jawi niku mpun boten gaul. Umpami kita
sedaya saged kasebut tiyang jawa, malah boten saged nguri – nguri basa lan
budaya jawa, basa ibu tiyang jawi kita piyambak.
Bab masalah niki saged dados masalah
ageng umpami kita piyambak boten saged mrantasi bab punika. Bakal dados ical
sedaya budaya warisan saking sesepuh lan pinisepuh kita sedaya. Lan saged
ngubah identitas kita sedaya dados tiyang jawi. Lah niki sedaya saged dados
penggawean lan kewajibane tiyang – tiyang jawi supados pripun caranipun saged
nglestarekake basa jawa, langkung – langkung nulis aksara jawa.
2. Memotaning
Prekawis
a. Punapa
niku ingkang diarani aksara jawa carakan ?
b. Punapa
niku ingkang kasebut aksara sandangan kagem aksara jawa ?
c. Pripun
caranipun supados saged maos aksara jawa kanthi lancar?
3. Ancasing
Panaliten
a. Mangertos
ingkang kasebut aksara jawa ?
b. Mangertos
lan ngerti napa niku ingkang kasebut aksara sandangan kagem aksara jawa ?
c. Supados
saged maos aksara jawa kanthi lancar?
BAB II
ISI
1.
AKSARA
JAWA CARAKAN
Ing babagan pangajaran
ing bocah SD betahaken kesabaran, ketlatenan, lan keuletan. Piwulang aksara
jawa ing tingkatan rendah biasane diawiti saking nyathet bab aksara jawa dasar
kayata huruf ha di tulis lan diibaratake
kaya huruf n nanging duwe ngarepan
kayata ing gambar ing kiwa iki.
Ing intine niki bocah saged titen lan
ileng sadaya kaleh dasa huruf jawa. Kaya
ing gambar. Sabanjure iku, para bocah
– bocah dipun paring latihan kaya tembung – tembung sing gampang lan dereng
betahaken pasang an.
Kayata tembung sada,ana, rana, lan sapanunggalane. Mboten namung bab nulis
mawon, ing babagan punika, kita sedaya uga saged bimbing para bocah niki aktif
ing jero kelas kayata kawontenan soal ingkang saged di garap nanging ngagem
syarat maju ing ngarep kelas kanthi cepet – cepetan. Soal ing ngarep niku saged
saking aksara jawa dilatenke utawi latin di dadosaken aksara jawa.
Ning umpami para
bocah sampun saged lancar lan sampun apal sedaya huruf dasar puniku. Langkung
lajengaken piwulang kaya nyathet pasangan aksara jawa ingkang taksih dasar. Kayata
pepet, wulu, taling tarung, taling lan sakpanunggalane. Ing ngajar bab niki kudu dieja kanthi jelas lan sabar kaya “ ma
dipepet dadi me, la di wenehi layar
dadi lar.” Dadi macane melar. Lan sabanjure guru saged
maringi latihan - latihan ing ana kaitane kaya ana sandangan kang taksih dasar.
Ning
umpami para murid sampu lancar
babagan aksara jawa lan sandangan.luwih
becik ning bocah - bocah kuwi wau dipunparingi bacaan aksara jawa lan prentah
ngartekke dados latin. Lan sabanjure walik prentah wau kaya latin dados aksara
jawa.
Kangge
nglatih kelancaran maca lan nulis aksara jawa, damel mawon acara kuis utawi
ulangan basa jawa. Ning umpami damel kuis biasane inggih punika kanthi maringi
poin utawi tambahan biji kang kanthi tujuan saged ngrangsang murid sinau lan
luwih mudeng bab aksara jawa punika.
Utawi
kagem media pembelajaran dolanan kanggo narik minat para siswa sedaya. Amargi
para bocah seneng kangge cara dolanan, pada karo cara saumurane seneng pada
dolanan.
BAB
III
WASANA
A.
DUDUTAN
Ing zaman saniki ingkang serba modern
saking sadaya perihal, kayata basa ingkang kita sadaya saged ngraosaken. Ning
saniki basa ibune tiyang jawa sampun mulai luntur. Langkung – langkung basa
aksara jawa, sadaya punika sampun dados panggawean lan tugas kita sadaya
supados saged nglesatrekaken budaya saking sesepuh lan pinisepuh kita sedaya.
B.
SARAN
Kita punika tiyang jawa tulen, sampun
kewajiban kita sadaya saged nguri – nguri budaya kita piyambak, langkung –
langkung ing bab aksara jawa. Kita wajib bangga gadhah budaya jawa. Rasa bangga
ingkang kita gadhahi niku saged nyurung kita sadaya supados saged
nglestarikanken budaya kita.
zAJA
Z
.
KAPUSTAKAN